Pangrungu iku duwe rasa. Rasaning pangrungu jenenge : krungu. Pangambu iku duwe rasa. Rasaning pangambu, jenenge : ngambu.

Oleh : Mas Kumitir 24 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir Yen pancadriya sangsaya alus, marga tlaten lan lastari ngudi kawruh kabatinan, iku sangsaya lawas sangsaya bisa nampani kabar saka sathithik, ing batine dhewe. Mundhak aluse ya mundhak cetahne enggoni nampani kabar. Kang diarani kabar iku, thukuling Budi Rasa ing sanubarine. NGERTI mono “daya kodrating manungsa”, yaiku : ngerti marga mikir pamikir, ngreti marga krasa ngrasakake, nggraita. NGERTI ya bisa marga “daya gaibing Gusti” tunarbuka. ...... BAB X TERANGE KANG ARAN SAHIR KABIR A. Pandulu iku duwe rasa. Rasaning pandulu, jenenge : weruh. Oleh-olehane weruh jenenge : kawruh. Kawruhing pandulu, aran : rerupan, kayata : warna abang ijo, cahya padhang peteng, rupaning manungsa, kewan sapanunggalane. Sipandulu ngira yen rerupan wawernan iku dumunung sajabaning pandulu, ora ngira kelalen yen iku mung rasaning pandulu. Terange mangkene : Jalaran saka rasa rasaning pandulu weruh ing kono pandulu banjur nganggep, yen sajabaning mripat ana apa-apa. Mungguh kang dak sebut apa- apa mau : ya rerupan iku elinga wong ngilo, pandulunengira ana rerupan saburine pangilon, marga krasa kedhering cahya. Rerupan utawa wawernan iku kabir tumrap alaming pandulu. Dene pandulu iku, sahir tumrap alaming rerupan.

B. Pangrungu iku duwe rasa. Rasaning pangrungu jenenge : krungu.

Oleh-olehane ngrungu, arane ya kawruh, yaiku : rerungon. Wujude : swara, kayata : kumrincing, jumlegur, ngrangin lan sapanunggalane. Si pangrungu ngira yen swara iku dumunung sajabaning pangrungu, ora ngira kelalen yen iku mung rasaning pangrungu. Terange mangkene : Jalaran saka rasaning pangrungu krungu, ing kono pangrungu banjur nganggep, yen ing sajabaning kuping ana apa-apa. Kang daksebut apa-apa mau, yaniku kang aran swara. Elinga : kuping gumrebeg manawa ditutupi. Lebar nguntal pil, banjur ngira ana swara nging-nging sajabaning kuping, rehne rasa. Swara iku kabir tumrap alaming pangrungu. Pangrungu iku sahir tumrap alaming swara. Oleh : Mas Kumitir 25 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

C. Pangambu iku duwe rasa. Rasaning pangambu, jenenge : ngambu.

Oleh-olehane ngambu arane ya kawruh, yaiku : ambon-ambon, kayata : wangi, sengit, basin sapanunggalane. Si pangambu ngira yen ambon-ambon iku dumunung sajabaning pangambu. Ora ngira lali yen ambon-ambon iku mung rasaning pangambu. Terange mangkene : Jalaran saka rasaning pangambu, ing kono pangambu banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning irung ana apa-apa. Kang dak arani apa-apa mau, yaiku kang aran ambon-ambon. Elinga wong pileg, ambon-ambon sajabaning irung dikira malah sirna. Ambon-ambon iku kabir tumraping alaming pangambu. Pangambu iku sahir tumrap alaming ambon-ambon. D. Legi asin sapanunggalane : dianggep sajabaning ilat, dening pangrasa ilat. Lire : kang ditetepake legi iku si gula. Kang ditetepake asin iku uyah. Si ilat ora ngira kelalen yen kang marakake ana legi-legi utawa asin-asin mau rasane dhewe. Elinga wong lara, sega dikira pait, iwak dikira ora enak. Legi-legi lan asin-asin iku kabir tumrap pangrasane ilat. Dene pangrasane ilat iku kabir tumrap legi-leginan utawa asin-asinan.

E. Panas-adhem alus-kasap sapanunggalane : dianggep sajabaning badan.