Panas-adhem alus-kasap sapanunggalane : dianggep sajabaning badan. Sarehne pandulu duwe kawruh kang aran : rerupan, pangrungu nduweni

Oleh : Mas Kumitir 25 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

C. Pangambu iku duwe rasa. Rasaning pangambu, jenenge : ngambu.

Oleh-olehane ngambu arane ya kawruh, yaiku : ambon-ambon, kayata : wangi, sengit, basin sapanunggalane. Si pangambu ngira yen ambon-ambon iku dumunung sajabaning pangambu. Ora ngira lali yen ambon-ambon iku mung rasaning pangambu. Terange mangkene : Jalaran saka rasaning pangambu, ing kono pangambu banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning irung ana apa-apa. Kang dak arani apa-apa mau, yaiku kang aran ambon-ambon. Elinga wong pileg, ambon-ambon sajabaning irung dikira malah sirna. Ambon-ambon iku kabir tumraping alaming pangambu. Pangambu iku sahir tumrap alaming ambon-ambon. D. Legi asin sapanunggalane : dianggep sajabaning ilat, dening pangrasa ilat. Lire : kang ditetepake legi iku si gula. Kang ditetepake asin iku uyah. Si ilat ora ngira kelalen yen kang marakake ana legi-legi utawa asin-asin mau rasane dhewe. Elinga wong lara, sega dikira pait, iwak dikira ora enak. Legi-legi lan asin-asin iku kabir tumrap pangrasane ilat. Dene pangrasane ilat iku kabir tumrap legi-leginan utawa asin-asinan.

E. Panas-adhem alus-kasap sapanunggalane : dianggep sajabaning badan.

Kang ditetepake panas si geni. Kang ditetepake adhem si banyu. Mangkana anane rasa kang aran panas utawa adhem iku saka pakartining rasa badan. Si geni lan si banyu sejatine mung wujud geter kedher. Geter iku bisa gawe panas utawa ora elinga wong lara, kabeh sajabaning badan dikira ora ngepenakake badan. Kabeh kang kasebut ing dhuwur : pinikir-pikira kaya ing aksara E. Adhem panas sapanunggalane mau kabir tumraping pangrasa badan. Pangrasa badan iku sahir tumrap alaming adhem panas.

F. Sarehne pandulu duwe kawruh kang aran : rerupan, pangrungu nduweni

kawruh kang aran : swara, pangganda duwe karuh kang aran : ganda, ambon, pangrasa ilat duwe kawruh kang aran : legi, asin, pangrasa badan duwe kawruh kang aran : adhem panas, saka kumpulane kabeh mau ....... ing kono dhiri banjur nduweni panganggep, yen sakjabane rasa dhiri ana apa-apa. Dene kang dak arani apa-apa sakjabane dhiri mau : yaiku kang ka-aranan jagad, kayata : donya. Ndonya iku kabir tumraping rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumraping ndonya. Oleh : Mas Kumitir 26 www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir Kang dak arani rasa dhiri iku rasa siji kang kadadeyane saka campure sakabahing rasa pangrasa, kacekak : rasaning pancadriya. Ka-anggep : siji. Wong kabeh duwe kawruh bab anane lan kahanane jagad iku jalaran anane rasa dhiri dudu ananing rasa dhiri saka kawruh ananing jagad. Nanging dumadine barang. Sirnane kawruh bab ananing jagad, saka sirnane rasa dhiri. Nanging enggone sirna bareng. Katerangane maneh mangkene : Dhiri iku duwe rasa. Rasaning dhiri, arane : weruh. Oleh-olehane weruh diarani : kawruh. Kawruh dhiri, kayata : rerupan warna-warna gegandan warna-warna + rasa gepokane kulit + rasa bungah susah sapanunggalane + rasa angen-angen kang aran pikiran kaya : weruh = ngerti yen telu ping pat ana rolas sapanunggalane, = iku kabeh karingkes kawruhing dhiri kawruh kalairan. Si dhiri ngira yen kang kasebut iku mau kabeh dumunung sajabaning rasa dhiri. Ora ngira kelalen yen iku mau mung rasaning dhiri. Terange mangkene : Jalaran saka rasaning dhiri weruh, ngerti, ngrasa, ing kono dhiri banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning dhiri : ana apa-apa. Dene kang dak arani apa-apa mau, yaiku : jagad gumelar. Gumelaring jagad iku kabir tumrap rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumrap gumelaring jagad.

G. ALUSING nafsu mutmainah, katumusan padhanging angen-angen, iku