Pengetahuan Hakikat Cerkak CERITA CEKAK

No Hari, Tanggal Kejadian Keterangan Tindak Lanjut 1. 2.

2. Pengetahuan

a. Teknik Penilaian : Tes Tertulis b. Bentuk instrumen : Uraian c. Kisi-kisi No. Indikator Butir Soal 1 Mengetahui unsur-unsur intrinsik cerkak 2 Mengidentifikasi unsur-unsur intrinsik yang terkandung dalam cerkak 3 Mencari nilai moral yang terkandung dalam cerkak 3. Keterampilan a. Teknik Penilaian : unjuk kerja b. Bentuk instrumen : Produk c. Kisi-kisi No Indikator Butir soal 1 Mencipta karya sastra prosa cerkak ..., .............................. 20... Mengetahui Kepala SMASMKMA Guru Mata Pelajaran …………………………….. ………………………….. NIP. ... NIP. ... Lampiran 1: Bahan Ajar Tembang Macapat Sinom Dan Durma A. Pemahaman Tembang Macapat Sinom Dan Durma Hakikat Tembang Macapat Sinom Dan Durma CERKAK

1. Hakikat Cerkak CERITA CEKAK

Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, menika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak cendrung padhet saha langsung wonten ancasipun, bilih dipuntandhingaken kaliyan karya-karya fiksi ingkang langkung dawa, kados dene Novella kanthi teges modhern saha novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngendelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insight kanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung dawa. Miturut sujarahipun cerkak menika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang wisuwur. Cariyos-cariyos kasebat adatipun kaaturaken kanthi wujud geguritan ingkang wonten wiramanipun. Wirama kasebat nggadhahi paedah minangka piranthi kangge tetulung supados tiyang saged ngeling-ngeling cariyosipun. Perangan cekak saking cariyos-cariyos menika punjeripun saking perangan naratif ingkang kaaturaken wonten ing kalodhangan ingkang cekak. Sedaya cariyosipun tembe kemawon saged dipunmangertosi rikala sedaya cariyos menika sampun dipuncariyosaken. Wujud sanes saking cerkak inggih menika anekdot. Anekdot menika popular rikala jaman Romawi. Anekdot menika nggadhahi pungsi kados dene saloka, minangka cariyos realistis ingkang cekak, ingkang nggadhahi setunggal ancas utawi piweling. Cerita cerkak adatipun kirang kompleks tinimbang Novel. Cerkak adatipun cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen, nggadhahi setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Bilih diwujudaken cariyos ingkang langkung wiyar, cariyos cendrungipun nggadhahi suraosing unsur tartamtu saking struktur dramatis, inggih menika Eksposisi ingkang nglantarken Setting, wekdal saha paraga utama, Komplikasi kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik, krisis wekdal ingkang nemtokaken paraga utama anggenipun tumindak rikala ngadepi konflik, klimaks punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak, wasana peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken saha bab moralipun. Amargi cekak, cerkak saged nggadhahi pola ajeg saged ugi boten. Kados dene cariyos-cariyos ingkang langkung dawa, plot saking cerkak ugi nggadhahi klimaks. Ananging wasananing cariyos saking saperangan cerkak adatipun bebas saha saged ugi ngandhut piweling.

2. Unsur-unsur karya sastra prosa cerkak