Unsur-unsur karya sastra prosa cerkak Unsur Intrinsik

Amargi cekak, cerkak saged nggadhahi pola ajeg saged ugi boten. Kados dene cariyos-cariyos ingkang langkung dawa, plot saking cerkak ugi nggadhahi klimaks. Ananging wasananing cariyos saking saperangan cerkak adatipun bebas saha saged ugi ngandhut piweling.

2. Unsur-unsur karya sastra prosa cerkak

Titikan cerkak beda-beda miturut ingkang ngganggit. Cerkak nggadhahi kalih unsur inggih menika:

1. Unsur Intrinsik

Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsure intrinsik: a. Tema iggih menika undering cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken undering cariyos. b. Latar Setting inggih menika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos menika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, kapan kadadosanipun saha swasana sarta kahanan menika kadadosan. c. Alur Plot inggih menika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih menika: 1 Alur Maju inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng. 2 Alur Mundur inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lumampahipun mundur. 3 Alur campuran inggih menika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur Alur menika kaperang dados pinten-pinten tahapan, inggih menika: 1 Pangantar inggih menika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos. 2 Wiwitaning perkawis inggih menika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran perkawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos. 3 Klimaks inggih menika perkawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos. 4 Antiklimaks inggih menika perkawis sekedik mbaka sekedik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical. 5 Resolusi inggih menika perkawis sampun saged karampungaken. d. Watak inggih menika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak menika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih menika: 1 Pacelathon paraga 2 Gegambaraning paraga 3 Gegambaraning blegeripun paraga e. Nilai amanat inggih menika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos.

2. Unsur Ekstrinsik