Caranipun Ngempalaken Data CARA PANALITEN

44

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten Asiling panaliten menika sampun kasil manggihaken data , babagan kajian inferensi WKE wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013. Asiling panaliten kasebat saged manggihaken kalih prekawis awujud jinising inferensi WKE adhedhasar wosing wacana saha fungsi inferensi WKE wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013. Data asiling panaliten kasebat kaandharaken wonten ing table ngandhap menika. Tabel 2 : Asiling Panaliten Kajian Inferensi WKE wonten ing Kalawarti Djaka Lodang Wedalan Mei-Desember 2013 No Jinising Inferensi WKE Adhedhasar Wosing Wacana Fung si Inferensi WKE Indikator 1 2 3 4 1 Inferensi Wacana Politik Sindiran O1 : CAGUB “Aja lali No 1 O2 : Golput wae pak Data no. 6 8- 06-2013 Inferensi Wacana Politik : Golput minangka pilihan saperangan masarakat amargi kathah calon pemimpin ingkang nindakaken politik uang ing salebeting pemilu. Fungsi Inferensi : Sindiran Wacana menika kangge nyindir para calon pemimmpin ingkang nindakaken politik uang supados saged kepilih ing salebeting pemilu. Tabel Salajengipun 1 2 3 4 Sindiran Obral Caleg Parpol Parpol Parpol Parpol Caleg Ustad Caleg Artis Caleg Pelawak Data no. 23 12- 10- 2013 Inferensi Wacana Politik : Obral caleg dening partai politik ndadosaken kualitas caleg kirang sae amargi kirang nguwaosi bab dunya politik. Fungsi Inferensi : Sindiran Wacana menika minangka sindiran dhateng partai politik . Titikanipun wacana menika kangge ngala-ala kahanan partai politik ingkang mbika kalodhangan ageng-agengan kangge sinten kemawon ingkang purun dados caleg. Saking kalodhangan menika ndadosaken kualitas caleg kirang nguwaosi dunya politik. 2 Inferensi Wacana Sosial Sindiran Sembako Ngancik riyaya tansaya mumbul Data no. 13 27-07-2013 Inferensi Wacana Sosial : Ngancik riyaya regi sembako sangsaya awis saengga njalari para rakyat nandhang kasusahan. Fungsi Inferensi : Sindiran Wacana menika kangge ngandharaken sindiran. Titikanipun wacana menika minangka sindiran kangge pamarentah ingkang dipunandharaken boten langsung. Pamarentah boten saged ngatur regi sembako ingkang mindhak ing sasi ramadhan dumugi riyaya. Dene prekawis menika sampun dados fenomena sosial ingkang saben taun