Panaliten ingkang Jumbuh GEGARAN TEORI

39

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif . Panaliten deskriptif inggih menika salah satunggaling jinis panaliten ingkang nggambaraken kahanan obyek panaliten adhedhasar fakta-fakta ingkang ketingal kanthi menapa wontenipun Nawawi saha Martini, 1996: 73. Panaliten deskriptif dipunginakaken ing panaliten menika kangge nggambaraken, ngandharaken, sarta mahyakaken asiling panaliten kanthi menapa wontenipun. Panaliten menika badhe naliti babagan kajian inferensi WKE wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013. Awit saking menika, ancasing panaliten menika kangge ngandharaken asiling panalliten ingkang awujud data - data tanpa ngewah-ewahi data menika. B. Data saha Sumbering Data Data wonten ing panaliten inggih menika tuturan saking wacana kartun editorial ingkang ngewrat inferensi. Dene sumbering data inggih menika kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013. Pamilihing kalawarti Djaka Lodang minangka sumbering data panaliten, awit kalawarti Djaka Lodang menika gadhah wacana ingkang narik kawigatosan kangge dipuntaliti. Wacana menika awujud wacana kartun editorial WKE. WKE wonten ing kalawarti Djaka Lodang menika beda kaliyan wacana kartun ing kalawarti sanesipun. WKE wonten ing salebeting kalawarti Djaka Lodang menika nggambaraken kadadosan- kadadosan ingkang saweg kalampahan ing masarakat. Sanesipun amargi kalawarti Djaka Lodang menika langkung gampil dipunpadosi dening panaliti tinimbang kalawarti sanesipun. Salajengipun pamilihing wekdal panaliten saking sasi Mei-Desember ing panaliten menika dipunjumbuhaken kaliyan wekdal panyeratan skripsi panaliti. Dene pamilihing WKE minangka data panaliten, inggih menika ingkang kaping setunggal WKE minangka pirantos kangge ngandharaken pamanggih, seserepan, pangraos , kapitadosan, sikap saha emosi saking editor media massa dhateng pamaos ingkang ngewrat prekawis-prekawis ingkang saweg kadadosan. Kaping kalih, WKE menika dipunmahyakaken kanthi media ingkang langkung ekspresif saha ngremenaken para pamaos saengga saged narik kawigatosanipun para pamaos. Kaping tiga, WKE menika salah satunggaling pirantos komunikasi efektif amargi WKE menika langkung gampil dipunmangertos dening pamaos. Kaping sekawan, pamaos wacana kartun editorial saged langkung gampil mangertos wosipun wacana amargi panganggening basa ingkang dipunginakaken wonten wacana kartun ngewrat humor ingkang gadhah nile-nile tartamtu. Kaping gangsal, panaliten dhateng wacana kartun editorial dereng kathah dipuntliti.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggih menika teknik maos saha teknik nyathet. Teknik maos ing panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara : 1 maos wacana kartun ingkang sampun dipuntemtokaken inggih menika WKE wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember taun 2013; 2 maos artikel utawi pawartos-pawartos saking media informasi sanesipun ingkang gadhah gegayutan kaliyan menapa