Jinising Panaliten CARA PANALITEN

WKE, inggih menika satunggal mbaka satunggal WKE dipunpantha-pantha miturut jinising inferensi WKE adhedhasar wosing wacana , saha fungsi inferensi WKE. Bilih data kasebut sampun dipunpantha-pantha miturut wosing prekawis, tahap salajengipun inggih menika data dipunanalisis mawi prinsip pemahaman wacana ingkang sampun kaandharaken ing gegaran teori. Prinsip pemahaman wacana kalampahan mawi prinsip analogi PA saha prinsip penafsiran lokal PPL.

F. Caranipun Ngesahaken

Data Cara ngesahaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas saha reliabilitas intrarater . Validitas data ngginakaken cara expert judgement utawi pertimbangan ahli . Expert judgement dipuntindakaken kanthi cara panaliti wawan pirembagan kaliyan dosen pembimbing saha panaliti sanes ingkang mangertos babagan prekawis saking data - data asiling panaliten. Cara menika dipunajab saged dados cara kangge ngesahahken data panaliten. Dene reliabilitas intrarater wonten ing panaliten menika, dipunlampahi kanthi cara cek ricek utawi kajian berulang . Cara ngesahaken data ngginakaken cara cek ricek menika dipuntindakaken kanthi cara panaliti ngambali data kanthi saestu, wongsal- wangsul, saha tliti. Ancasing reliabilitas intrarater kasebut, supados saged pikantuk data ingkang valid saha absah trep kaliyan wosing prekawis panaliten menika. Tuladhanipun reliabilitas intrarater kasebut, panaliti ngambali anggenipun maos saha nganalisis data kanthi saestu, saengga manggihaken data ingkang valid saha absah trep kaliyan wosing prekawis saha gegaran teori saking panaliten. 44

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten Asiling panaliten menika sampun kasil manggihaken data , babagan kajian inferensi WKE wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013. Asiling panaliten kasebat saged manggihaken kalih prekawis awujud jinising inferensi WKE adhedhasar wosing wacana saha fungsi inferensi WKE wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013. Data asiling panaliten kasebat kaandharaken wonten ing table ngandhap menika. Tabel 2 : Asiling Panaliten Kajian Inferensi WKE wonten ing Kalawarti Djaka Lodang Wedalan Mei-Desember 2013 No Jinising Inferensi WKE Adhedhasar Wosing Wacana Fung si Inferensi WKE Indikator 1 2 3 4 1 Inferensi Wacana Politik Sindiran O1 : CAGUB “Aja lali No 1 O2 : Golput wae pak Data no. 6 8- 06-2013 Inferensi Wacana Politik : Golput minangka pilihan saperangan masarakat amargi kathah calon pemimpin ingkang nindakaken politik uang ing salebeting pemilu. Fungsi Inferensi : Sindiran Wacana menika kangge nyindir para calon pemimmpin ingkang nindakaken politik uang supados saged kepilih ing salebeting pemilu.