Wosing Prekawis Ancasing Panaliten

11

BAB II GEGARAN TEORI

A. Wacana

Wedhawati 2006: 595 mratelakaken tembung wacana mila bikanipun saking basa Sanskerta inggih menika saking tembung „vacana‟ ingkang tegesipun “bacaan”. Tembung vacana menika mlebet wonten ing basa Jawa Kuna dados tembung wacana [wacana]. Salajengipun tembung menika mlebet wonten ing basa Jawi Enggal dados „wacana’ wacɔnɔ, ingkang gadhah teges “bicara utawi ucapan”. Miturut Wedhawati 2006: 51, wacana inggih menika minangka satuan basa ing nginggilipun ukara saged awujud lisan menapa dene seratan. Alwi 1993: 43 mahyakaken bilih wacana inggih menika reroncening ukara ingkang gadhah gegayutan, saengga saged mujudaken makna ingkang jumbuh antawisipun ukara-ukara kasebat. Pamanggih menika dipunsengkuyung dening Moeliono 1988: 334, ingkang mratelakaken wacana inggih menika reroncening ukara ingkang gadhah gegayutan, lajeng antawisipun proposisi setunggal saha proposisi sanesipun nyawiji dados setunggal mujudaken kesatuan makna. Dene miturut Halliday lumantar Wedhawati 1979: 3 ngandharaken bilih struktur wacana menika struktur semantik amargi saged kawastanan wacana menawi wonten gegayutan makna antawisipun setunggal ukara kaliyan ukara sanesipun. Pamanggih Halliday menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Mulyana 2005: 1, ingkang ngandharaken bilih wacana inggih menika unsur basa ingkang langkung kompleks saha langkung jangkep. Satuan basanipun kaperang saking fonem, morfem , tembung, frasa , klausa , ukara, paragraf dumugi karangan ingkang wetah . Awit saking menika wacana boten kedah dipunwujudaken wonten reroncening ukara, amargi saged ugi dipunwujudaken wonten ing satunggal ukara, frasa utawi tembung ingkang dipunjumbuhaken kaliyan konteks saha situasi. Saking pamanggih Halliday lan Mulyana menika dipunsengkuyung malih saking pamanggihipun Kridalaksana 2008: 231 ingkang mratelakaken bilih wacana inggih menika. Satuan bahasa terlengkap, dalam hierarki gramatikal merupakan satuan gramatikal tertinggi atau terbesar. Wacana ini direalisasikan dalam bentuk karangan yang utuh novel, buku, seri ensiklopedia, dsb., paragraf, kalimat atau kata yang membawa amanat yang lengkap. Sarining pangertosan saking Kridalaksana kasebat, wacana inggih menika unit basa ingkang langkung jangkep unsuripun , ingkang dipunwujudaken saking satuan-satuan gramatikal ing ngandhapipun. Satuan-satuan gramatikal menika awujud tembung, ukara, paragraf, saha karangan ingkang utuh awujud novel, buku, seri ensiklopedia saha liya-liyanipun . Ananging saking satuan-satuan gramatikal menika kedah saged mujudaken amanat ingkang jangkep. Dados wacana inggih menika unit basa ingkang langkung jangkep saha langkung kompleks unsuripun. Wacana saged dipunwujudaken saking satuan- satuan gramatikal ing ngandhapipun. Satuan-satuan gramatikal menika awujud tembung ananging tembung menika kedah saged dados ukara saha gadhah konteks , ukara, paragraf, saha karangan ingkang wetah kadosta novel, buku, artikel, seri ensiklopedia saha liya-liyanipun ingkang gadhah amanat ingkang jangkep. Pamilihing teori wacana minangka dhasaring teori menika, awit dipunjumbuhaken kaliyan panaliten ingkang badhe kalampahan. Panaliten