Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

Tabel Salajengipun 1 2 3 4 Sindiran Obral Caleg Parpol Parpol Parpol Parpol Caleg Ustad Caleg Artis Caleg Pelawak Data no. 23 12- 10- 2013 Inferensi Wacana Politik : Obral caleg dening partai politik ndadosaken kualitas caleg kirang sae amargi kirang nguwaosi bab dunya politik. Fungsi Inferensi : Sindiran Wacana menika minangka sindiran dhateng partai politik . Titikanipun wacana menika kangge ngala-ala kahanan partai politik ingkang mbika kalodhangan ageng-agengan kangge sinten kemawon ingkang purun dados caleg. Saking kalodhangan menika ndadosaken kualitas caleg kirang nguwaosi dunya politik. 2 Inferensi Wacana Sosial Sindiran Sembako Ngancik riyaya tansaya mumbul Data no. 13 27-07-2013 Inferensi Wacana Sosial : Ngancik riyaya regi sembako sangsaya awis saengga njalari para rakyat nandhang kasusahan. Fungsi Inferensi : Sindiran Wacana menika kangge ngandharaken sindiran. Titikanipun wacana menika minangka sindiran kangge pamarentah ingkang dipunandharaken boten langsung. Pamarentah boten saged ngatur regi sembako ingkang mindhak ing sasi ramadhan dumugi riyaya. Dene prekawis menika sampun dados fenomena sosial ingkang saben taun Tabel Salajengipun 1 2 3 4 kadadosan ing masarakat. Panyaruwe Perbudakan Buruh Dituntaske Data no. 8 22- 06- 2013 Inferensi Wacana Sosial : Perbudakan ing pabrik wajan kedah dipuntuntasaken amargi boten manusiawi. Fungsi Inferensi : Panyaruwe Wacana menika kangge panyaruwe dhateng perbudakan ing pabrik wajan. Titikanipun wacana menika ngewrat solusi ingkang asipat mbangun, tegas , saha menekan dhateng perbudakan wonten ing pabrik wajan. Saengga prekawis perbudakan menika kedah dipuntuntasaken. Panyaruwe Sega sak lawuhe sarwa impor Bisa ngrusak tatanan pangan Indonesia Data no. 20 21-09-2013 Inferensi Wacana Sosial : Impor pangan saged ngrusak tatanan pangan Indonesia. Fungsi Inferensi : Panyaruwe Wacana menika kangge ngandharaken panyaruwe kangge pamarentah babagan impor pangan. Titikanipun wacana menika minangka wujud koreksi ingkang gadhah makna positif utawi sae dhateng babagan impor pangan. Titikan sanesipun wacana menika ngginakaken pertimbangan kangge mriksani ala becikipun impor pangan kangge tatanan pangan Indonesia.