BAB III SIMBOLISME DALAM TEMBANG
Purwakanthi
Dalam   seni   tembang   banyak   sekali   ditemukan   jenis-jenis   purwakanthi. Kesusastraan yang padat berisi dan diolah dengan bahasa indah disebut geguritan
atau  puisi Jati Rahayu, 2002. Keindahan bahasa puisi Jawa terletak pada tiga macam yaitu: Wilet yaitu kelak-kelok suara agar   ajeg, beruntun dan memiliki
makna yang tinggi. Wirama yaitu panjang pendek, keras liat dan tinggi rendah jatuhnya suara.  Yang tidak kalah penting yaitu Purwakanti atau dhong dhinging
suara. Adapun purwakanti itu dibagi  menjadi tiga macam, yaitu: Purwakanti Guru Swara Yaitu runtutnya suara. Cara memberi gambaran tentang sifatnya gendhing
dengan jalan menyebut kendangannya serta jumlah ketuk, begitu pula laras serta pathetnya, boleh dikata sudah tepat sekali, sebab sungguh dapat menggampangkan
gambaran kita serta sekaligus menetapkan kebenaran daripada keternagan, bahwa gendhing itu ialah sifatnya  wirama dalam bentuk suara.  Contohnya:  Pandelori
sebetulnya  Bandil-ori,   ketuk   kalih,   kendangan  gandrung-gandrung  kendang kalih laras pelog pathet barang; demikian sifatnya gendhing  Bandil-ori  menjadi
jelas dengan sendirinya. Ingkang dipun wastani Purwakanthi punika : ungel-ungelan utawi ukara
wujud   tembung   sawatawis   ingkang   kecapipun,   utawi   swaranipun   sami. Purwakanthi   punika   namung   kangge   rerengganing   tembung,   supados   sakeca
27
swaranipun.   Kanggenipun   ingkang   kathah   wonten   ing   serat-serat   sekar.   Ing pagineman ugi wonten, limrahipun ingkang suraos pitutur.
Purwakanthi punila wonten warni tiga : 
Purwakanthi   guru   sastra   :   inggih   punika   purwakanthi   ingkang pangrakitipun   awewaton   aksara   pejah.   Upami   :   Tindakipun   mandheg-
mangu, yen ngandika tatas-titis. Contoh : Pucung
Nora uwus kareme anguwus uwus, Uwose tan ana,
Mung janjine muring muring, Kaya buta buteng betah nganiaya.
Sakeh luput ing angga tansah linimput, Linimpet ing sabda,
Narka tan ana udani, Lumuh ala ardane ginawa gada.
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul, Kaseselan hawa,
Cupet kapepetan pamrih, Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
Serat Wedhatama
 Purwakanthi   guru   swara:   inggih   punika   purwakanthi   ingkang
pangrakitipin awewaton aksar swara aksara gesang. Upami : Yogyanira dhuh pra mudha,
den santosa ing wardaya, madhep mantep kang sinedya,
aywa pasah ing panggodha, rubedaning atinira,
wegah marang ing rekasa, dhimen enggal kawistara,
wohing gegayuhanira.
Aja dhemen memada sameng dumadi.
28
Bobot, bibit, bebet. Janji jujur jajahane mesthi  makmur.
Ketula-tula ketali. Laras, lurus, leres, liris bakal laris.
Lila lamun kelangan nora gegetun. Pak Kerta tuku kertu liwat kretek Kertasana.
Petruk patroli kalih putrane kalih putra-putri. Sapa tekun golek teken bakal tekan.
Kang salah bakal seleh. Sluman-slumun slamet.
Tata, titi, tentrem, kerta raharja. Tatag, teteg, bakal tutug.
Watak wantuning wanita utama yaiku wani nata lan kudu tata, titi, titis, tatas, tlaten, tumemen lan bekti ngati-ati.
 Purwakanthi laku lampah: inggih punika purwakanthi ingkang wujidipun
saking   ukara   camboran,   wiwitanipun   ukara   kaping   kalih   sami   kaliyan pungkasanipun ukara kapisan.
Upami : Kulik priya, priya-gung anjani putra.
Aja wani marang wong tuwa, wong tuwa ala-ala malati. Asung bekti, bektine kawula marang gusti.
Bayem arda, ardane ngrasuk busana. Blitar Tulungagung, yen ora ketulungan dadi wong bambung.
Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik. Mangan ati, atine kang kelara-lara.
Nandhang lara, larane wong lara lapa. Nganjuk Trenggalekwulan, wulane prawan kumencar.
Raja putra, putrane ratu Jenggala. Remuk rempu, rempune dadi awu.
Saking tresna, tresnane  mung samudana. Wadining wong wadon, wang sinawang ora rumangsa.
Witing tresna, tresnane mung sawetara.
Purwakanthi ingkang sami kecapipun, upami : 
diothak athik, mathuk aksara : th 
garing-garing anggere garang. aksara g, r
29
Purwakanthi ingkang sami swaranipun, upami : 
Ati bengkong oleh oncong. swara ong 
Meneng-meneng ngandut jreneng. swara : eng 
Ora gombak ora kuncung, anggepe kaya tumenggung. swara : ung 
Lambe satumang, kari samerang. swara : ang
Ungel-ungelane utawi paribasan ingkang ngangge purwakanthi, upami : 
Wong mono kudu sing gemi, nastiti, ngati-ati. 
Wong milih  jodo iku kudu ngelingi : bibit, bebet, bobot. 
Sing teteg bae ngger atimu, sapa was, tiwas. 
Garing-garing anggere garang. 
Tinimbang kalah uwong anggur kalah uwang. 
kendel ngringkel, jirih ijih. 
Sapa salah, seleh. 
Slaman, slumun, slamet. 
Para kadang kadeyan, para wandu wandawa. 
Opor bebek mentas awake dhewek.
Tembung-tembung   ingkang   suraos   sanget,   katranganing   tembung kawontenan inggih kathah ingkang ngangge purwakanthi, kadosta : Ajur-mumur;
abang   mbranang;   kuning   mbiring;   kuning   njengkining;   ireng   tunteng;   cilik mentik; cilik ongkak-angkik; padang njingglang; remuk bubuk; mung loro selo;
mung telu selu. Parikan utawi guritan punika sadaja mesti mawi purwakanthi. Wonten malih purwakanthi: basa utawi purwakanthi wewilutan, inggih punika:
tembung   pungkasaning   gatra,   sairib   kaljan   wiwitaning   gatra   candhakipun, terkadhang namung sami aksaranipun satunggal upami :
Aywa mematuh nalutuh, tanpa tuwas tanpa kasil,
30
kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati,
urip keh rencananira, sambekala den kalingling.
Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati,
lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri,
apese kesandhung padhas, babak bundhas anemahi.
Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali,
wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih,
kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
Kawruh mung ana ing wuwus, wuwuse gumaib-gaib,
kasliring titik tan kena, mencereng alise gatik,
apa pandhita antiga, kang mengkono iku kaki.
Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati,
tan dahwan pati openan, tan panasten nora jail,
tan njurungi ing kahardan, amung eneng marang ening.
Sasmitaning Tembang
Sasmita   tembang   adalah   simbol-simbol   yang   digunakan   untuk   merujuk pada nama tembang tertentu. Misalnya:
Manis-arum sinawung langenri Sru kawuryan pamujaning raras
Kang mulya pangreh sarehe Lir manik nandaya gung
Bremingrat wus winayang ing sih
31
Sih wigunaning karya Akarya wulangun
Wulanguning tama-harja Harjeng deya sinemangkara sukmuji
Pangesti maweng sastra
Adapun menurut Sardjijo 1991, sasmita tembang adalah sebagai berikut: Buku-buku karangan para pujangga banyak yang memuat  isyarat  atau  sasmita
berupa kata perkataan atau kelompok kata yang menunjukkan nama tembang dalam pupuh itu atau nama tembang pupuh berikutnya secara tersamar.   Pada
umumnya isyarat atau sasmita tembang itu berada pada awal pada bait pupuh I dan   pada   gatra   akhir   pupuh-akhir   sebagai   petunjuk   nama   tembang   pupuh
berikutnya. Contoh: 1 Ana   crita   surasane   becik,   memanise   kena   kanggo   wulang,   tur   carita
satemene; ....... Sapu Ilang Suhe, Hardjowirogo, dalam pupuh I, pada I, gatra ke 2; nama pupuh itu tembang Dhandhanggula.
2 Karsanipun ngantia meng prajaningsun, sami anenedha, ing Dewa amrih basuki,   sutanira   kang   karya   rarasing   driya.     Panji   jayeng   tilam
ranggawarsitan.  Pupuh berikutnya adalah pupuh tembang mijil. rarasing driya = rarasati.
Perkataan   yang   biasanya   digunakan   sebagai   isyarat   nama   tembang   itu adlah sebagai berikut:
Pucung :  pinucung,   mucung,   kluwak   atau   kata   yang   bersuku   kata
akhir ”cung”. Maskumambang
:  kambang, kentir, imbul ing ranu, kumambang. Gambuh
:  tambuh, tumambuh, embuh, jumbuh, kambuh. Megatruh
:  pegat, megat, duduk, truh, dudukwuluh Wirangrong: wirang, mirong, dsb.
Balabak :  klelep, kabalabak, dsb.
Kinanthi :  kanthi, kekanthen, gandheng, dsb.
Mijil :  wijiling, wiyos, wiraos, wetu, rarasati.
Pangkur :  mingkur, mungkur, kukur-kukur, yuda kenake, dsb.
Asmaradana :  brangta, branta, kingkin, asmara, sedhih, dsb.
Durma :  udur, mundur, durcara, duraka, dsb.
32
Jurudemung :  mas juru, mung, jurudemung.
Girisa :  miris, giris.
Sinom :  anom,   taruna,   srinata,   roning   kamal,   pangrawit,   weni,
logondhang, dsb. Dhangdhanggula
: manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang, gula-drawa, kilang dsb.
Candrasengkala
Dalam tembang juga sering digunakan sengkalan untuk menandai angka tahun. Masing-masing angka ditandai dengan kata-kata khusus. Misalnya dalam
tembang Dhandhanggula berikut ini: 1. Tunggal gusti sujanma semedi, badan nabi maha buda, nijata luwih
pamase; wong buweng rat lek iku, surya candra kartika bumi; wiji urip ron   eka,   prabu   kenja   nekung,   raja   putra   sasadara,   paksi   dara   tyas
wungkul sudira budi, wani hyang jagad nata. 2. Asta kalih ro nembah ngabekti, netra kembar myat mandheg najana,
swiwi lar sikara banteng; peksa apasang sungu, ati-ati talingan dresti; carana   tangan   karna,   bau   suku   caksuh;   mata   paningal   locana,
amanebah karana ngrengga panganten dwi, kanthi buja-bujana. 3. Bahni tiga ujwa lan kaeksi, katon murub dahana pajudan, katingalan
kaya benter; nala uninga kawruh, lir wrin weda naut-nauti; teken siking pawaka,   kukus   api   apju,   brama   rana   rananggana,   utawaka   uta   ujel
kobar hagni, wignja guna trijata. 4. Catur warna wahana pat warih, wau dadi dadya keblat papat, toya suci
hudaka we, who nadi jladri sindu, joga gawe tlega her wening; udan bun tirta marta, karya sumber sumur; masuh marna karti karta, jalanidi
samodra udaya tasik, tawa segara wedang. 5. Pandhawa   lima   wisikan   gati,   indri-indriya   warastra   wrayang,   astra
lungit sara sare; guling raksasa diyu, buta galak wil yaksa yaksi, saya wisaya   bana;   jemparing   cakra   hru;   tata   nata   bayu   bajra,   samirana
pawana maruta angin, panca marga margana. 6. Rasa   nenem   rinaras   hartati,   lona   tikna   madu   sarkara,   amla   kayasa
karaseng; hoyag obah nem kayu, wreksa glinggang prabatang ojig; sad anggas-anggang-anggang,   mangsa   naya   retu,   wayang   winayang
anggana, ilat kilat lidhah lindhu carem manis, tahen osik karengnya. 7. Sapta   prawata   acala   giri,   hardi   gora   prabata   imawan,   pandhita   pitu
kaswareng; resi sagota wiku, yogi swara dwija suyati; wulang-weling wasita,  tunggang   turangga   gung;  swa  aswa  titihan  kudha,  ajar  arga
sabda nabda angsa munio, suka biksu biksuka. 8. Asta   basu   anggusti   basuki,   slira   murti   bujangga   manggala,   taksaka
menyawak tekek; dwipa dwipangga bajul, gajah liman dwirada hesthi; esta matengga brahma, brahmana wewolu; baya bebaya kunjara, tanu
sarpa samaya madya mangesthi, panagan ula naga.
33
9. Bolong nawa dwara pintu kori, bedah lawang wiwara gapura, song wilasita angleng; trusta trusti trus butul, dewa sanga jawata manjing;
arum ganda kusuma, muka rudra masuk; rago angrong guwa menga, babahan leng ambuka gatra anggangsir, nanda wangi wadane.
1. Boma musna nis das mlethik, langit sirna ilang kumbul awang-awang, mesat muluk gegana ngles; tumenga nenga luhur, suwung sunya muksa
doh tebih; swarga tanpa barakan, tan rusak brastha swuh; walang kos pejah akasa, tawang wijat oncat windu widik-widik, nir wuk sat surut
sempal.
34
BAB IV TEMBANG DHANDHANGGULA