Pedoman Penilaian: Kegiatan Penutup

1. Narasi Ekspositoris Narasi ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi katrangan lugu utawa apa anane. Upamane siswa nyritakake kadadeyan ana ing kero kelas nalika piwulangan basa jawa, utawa jaksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan. 2. Narasi sugestif Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen-angene wong kang maca. Upamane dongeng Ajisaka, cerkak, novel, roman. Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif: Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif 1. Njembarake wawasan utawa pangerten 1. Mbeberake makna kang sinandi 2. Mbeberake katrangan bab kadadeyan 2. Nguripake pangangen-angen imajinasi 3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk 3. Nalar mung kanggo nggayuh surasa makna, yen perlu nalar dilirwakake 4. Basa inofatif, tembung denotatif 4. Basa figuratif, tembunge konotatif B. WACAN DISKRIPTIF NGGAMBARAKE Wacana diskriptif yaiku wacana kang nggambaraken kanthi cetha salah sawijining kahanan objek. Objek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca. Tuladha: Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru,wis rusak. Lawnge wis ora diinepake, tur teyengen sisan.rak-rakne ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku-buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono. C. WACAN EKSPOSISI NYRITAKAKE PROSES Sajroing wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasai kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining kedadeyan kang dibeberake. Dadi ancase wacana eksposisi yaiku maparake, njelentrehake menjelaskan, ngaturake informasi, mengajarkan lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana ekposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan ilmu, definisi, pengertian, langkah-langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining kadadeyan utawa bab tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane. Tuladha Gedhang golèk Gedhang ngoko utawa pisang krama iku sing tukul nglompok ing dhaérah tropis. Tandhuran gedhang kagolong kaluwarga Musaceae. Ana pirang jinis gedhang sing warnané yèn wis mateng lan rupané ngelengkung. Gedhang akèh ngandhung kalium. Kembang gedhang diarani jantung. Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa jawa saking Wikipédia. Bauwana Mardika mawi basa Jawi. Ket. Paragraf di atas termasuk wacana eksposisi. Wacana tersebut menerangkan tentang buah gedhang atau pisang dari segi asal-usulnya dan jenisnya