Suntingan Teks Suntingan Teks saha Aparat Ktitik

21 tartamtu, supados saged dipuntingali saha dipuntandhingaken kaliyan waosaning naskah satemah pamaos saged mangretosi kajengipun suntingan menika. Wonten ing panaliten menika suntingan teks naskah Serat Candramemet ngginakaken metode suntingan kritis. Cacadipun naskah Serat Candramemet menika dipunewahi saengga pamaos saged mangretosi leresipun.

b. Aparat Kritik

Aparat kritik apparatus criticus inggih menika tanggel jawab saking suntingan teks naskah Serat Candramemet ingkang sampun kadamel. Aparat kritik minangka pertanggungjawaban ilmiah saking kritik teks ing salebeting suntingan teks utawi ngandharaken teks ingkang sampun resik teks-ipun boten wonten ingkang korup Mulyani, 2009: 29. Aparat kritik menika wonten tandha- tandha ingkang kangge ngirangi, nambah, utawi nggantos aksara wonten ing teks. Aparat kritik dipunginakaken kangge ngandharaken titikaning sadaya wujuding suntingan. Wujud suntingan kasebut, inggih menika ngirangi aksara utawi tembung saha nambahi aksara utawi tembung minangka pertanggungjawaban ilmiah salebeting panaliten naskah. Wonten ing aparat kritik kaserat cathetan-cathetan saking suntingan teks ingkang saged katindakaken kanthi ngirangi, nambahi, saha nggantos aksara utawi tembung kedah dipunserat ing aparat kritik. Aparat kritik ing panaliten menika ngginakaken tandha-tandha ingkang dipunginakaken kangge ewah-ewahan aksara utawi tembung wonten ing naskah. Tandha-tandha ingkang dipunginakaken wonten ing naskah inggih menika. a. {...................} : dipunginakaken kangge ngirangi aksara utawi tembung. 22 b. .................. : dipunginakaken kangge nggantos aksara utawi tembung. c. .................... : dipunginakaken kangge nambah aksara utawi tembung. d. Panomeran aparat kritik ngginakaken angka Arab .. 1 , .. 2 , .. 3 , lsp.

5. Terjemahan Teks

Terjemahan teks naskah Serat Candramemet inggih menika ngewahi basaning teks Serat Candramemet inggih menika basa Jawi dhateng basa sasaran- ipun inggih menika basa Indonesia. Terjemahan dipuntindakaken kanthi cara nggantos basa satunggal dhateng basa sanes utawi nggantos makna basanipun teks sumber dhateng basanipun sasaran Mulyani, 2009: 32. Ancasing terjemahan teks miturut andharanipun Darusuprapta 1984: 9, inggih menika supados masarakat ingkang dereng nguwaosi basa naskah asli saged mangretos wosing naskah . Ing panaliten menika basa sasaran ingkang dipunpilih inggih menika basa Indonesia. Kanthi makaten, tamtu kemawon pangajabipun supados sasanesipun tiyang Jawi ingkang boten mangretos dhateng basa Jawi tetep saged mangretosi isinipun serat kanthi abasa Indonesia. Bab-bab ingkang kedah dipungatosaken menawi damel terjemahan wonten tigang warni. Miturut Darusuprapta 1984:9 ingkang kedah dipungatosaken inggih menika: 1. Paham saestu ngengingi basa sumber-ipun. 2. Paham saestu ngengingi basa sasaran. 3. Paham saestu ngengingi kawontenan pagesanganing masyarakat rikala teks dipunserat.