Cara Panaliten CARA PANALITEN

32

B. Sumber Data Panaliten

Wonten panaliten menika ingkang dados sumber data panaliten inggih menika Serat Candramemet. Serat Candramemet kawedalaken dening Stoomdtukkerij De Bliksem nalika taun 1928 ing Surakarta. Serat Candramemet menika kasimpen ing Perpustakaan Rumah Budaya Tembi kabupaten Bantul DIY kanthi nomer inventaris 2363LSJHD2000.

C. Teknik Ngempalaken Data

Teknik ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken lampahing panaliten filologi. Lampahing panaliten menika katindakaken makaten 1 inventarisasi naskah, 2 deskripsi naskah, 3 transliterasi teks, 4 suntingan teks saha 5 terjemahan teks. Lampahing filologi ingkang dipunginakaken kaandharaken kados ing ngandhap menika.

1. Inventarisasi Naskah

Lampah panaliten filologi ingkang sapisan inggih menika inventarisasi naskah. Inventarisasi naskah dipuntindakaken kanthi madosi naskah saha nyerat papan panyimpenaning naskah miturut katalog. Sasanesipun studi katalog inventarisasi naskah ugi ningali kanthi langsung kadospundi kawontenan naskahipun. Katalog ingkang dipunginakaken ing panaliten menika wonten mapinten- pinten katalog. Serat Candramemet kapanggihaken wonten ing katalog Girardet kanthi nomer kode katalog 55580 kasimpen wonten ing pakualaman, Katalog Perpustakaan Tembi kanthi nomer kode katalog 2363LSJHD2000, saha Katalog 33 Balai Bahasa kanthi nomer R02263. Katitik saking inventarisasi naskah wonten ing nginggil, Serat Candramemet ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika kasimpen ing perpustakaan Tembi Yogyakarta kanthi nomer kode katalog 2363LSJHD2000.

2. Deskripsi Naskah

Deskripsi naskah menika ngandharaken kados pundi kawontenaning naskah supados priyantun ingkang maos saged gadhah gambaran kados pundi naskahipun. Deskripsi naskah kawiwitan saking tatakrama mahyakaken asmanipun pamengku naskah, katrangan nama papan panyimpenipun, nomer koleksi, judul, andharan kawontenanipun naskah, katrangan jinisipun dlancangipun, katrangan wilangan cacahipun larik ing saben lembaripun, katrangan isi, jinisipun naskah, cakrikipun teks, katrangan samakipun naskah, jinisipun aksara, nomer lembaran, ukuran aksara, cakrikipun aksara, warnipun mangsi, rerengganipun seratan, wujudipun gugus konsonan, wujud aksara swara, wujud aksara murda, wujud sandhangan.

3. Transliterasi Teks

Transliterasi ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika, inggih menika transliterasi standar. Transliterasi teks ingkang katindakaken menika alih aksara kanthi nggantos jinising seratan. Teks ingkang kaserat mawi aksara Jawa dipungantos dados aksara Latin kanthi aksara ingkang sampun dipunleresaken miturut pandom ingkang dipunginakaken.