Inventarisasi Naskah Teknik Ngempalaken Data

33 Balai Bahasa kanthi nomer R02263. Katitik saking inventarisasi naskah wonten ing nginggil, Serat Candramemet ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika kasimpen ing perpustakaan Tembi Yogyakarta kanthi nomer kode katalog 2363LSJHD2000.

2. Deskripsi Naskah

Deskripsi naskah menika ngandharaken kados pundi kawontenaning naskah supados priyantun ingkang maos saged gadhah gambaran kados pundi naskahipun. Deskripsi naskah kawiwitan saking tatakrama mahyakaken asmanipun pamengku naskah, katrangan nama papan panyimpenipun, nomer koleksi, judul, andharan kawontenanipun naskah, katrangan jinisipun dlancangipun, katrangan wilangan cacahipun larik ing saben lembaripun, katrangan isi, jinisipun naskah, cakrikipun teks, katrangan samakipun naskah, jinisipun aksara, nomer lembaran, ukuran aksara, cakrikipun aksara, warnipun mangsi, rerengganipun seratan, wujudipun gugus konsonan, wujud aksara swara, wujud aksara murda, wujud sandhangan.

3. Transliterasi Teks

Transliterasi ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika, inggih menika transliterasi standar. Transliterasi teks ingkang katindakaken menika alih aksara kanthi nggantos jinising seratan. Teks ingkang kaserat mawi aksara Jawa dipungantos dados aksara Latin kanthi aksara ingkang sampun dipunleresaken miturut pandom ingkang dipunginakaken. 34

4. Suntingan Teks

Suntingan ingkang kaginakaken wonten panaliten menika, inggih menika suntingan kritis. Suntingan kritis menika cara nyunting ingkang saged ngewahi otentitas teks kaprenahaken supados nuhoni paramasastra ingkang sah minangka paugeraning tata basa ing wekdal samenika. Suntingan kritis menika ugi ngleresaken kalepatan-kalepatan saha seratan ingkang boten ajeg sarta ejaan-ipun dipunjumbuhaken kaliyan pandom ingkang baku. Standarisasi suntingan teks ingkang kaginakaken wonten panaliten menika ngginakaken tata tembung wonten kamus, inggih menika Baoesastra Djawa saha ejaan basa Jawi ingkang taksih dipunginakaken. Wonten ing panaliten menika naskah Serat Candramemet ngginakaken metode suntingan kritis. Teks Serat Candramemet menika menawi wonten cacad- ipun saged dipunewahi saha pamaos saged mangretosi kanthi sampurna.

5. Terjemahan Teks

Terjemahan inggih menika ngewahi basa saking basaning teks utawi basa sumberipun dhateng basa sasaranipun. Terjemahan teks menika katindakaken kanthi terjemahan kontekstual ingkang ngewrat terjemahan harfiah, isi, saha bebas. Terjemahan teks dipundamel supados teks Serat Candramemet saged langkung gampil dipunmangretosi dening masarakat. Sanesipun, ancasing terjemahan menika kangge nggampilaken anggenipun negesi teks.