Wosing Prakawis Ancasing Panaliten

6 1. Damel inventarisasi naskah Serat Candramemet. 2. Damel deskripsi naskah Serat Candramemet. 3. Damel transliterasi teks Serat Candramemet. 4. Damel suntingan teks Serat Candramemet. 5. Damel terjemahan teks Serat Candramemet. 6. Ngandharaken sengkalan ingkang kawrat ing Serat Candramemet.

F. Paedahing Panaliten

Panaliten menika kaangkah sageda wonten paedahipun kanthi teoritis saha praktis. Wondene paedah teoritis saha praktis panaliten menika katata kados ing ngandhap menika. 1. Paedah Teoritis Wonten tataran paedah teoritis, panaliten menika saged ngandharaken wawasan ngengingi objek panaliten, inggih menika sangkalan ingkang kaandharaken ing Serat Candramemet. 2. Paedah Praktis a. Panaliten menika kaangkah saged nambah wawasan bab sangkalan ingkang kaandharaken ing Serat Candramemet. b. Asiling suntingan teks Serat Candramemet kaangkah saged nggampilaken anggenipun maos Serat Candramemet. c. Asiling terjemahan teks Serat Candramemet kanthi ngginakaken basa Indonesia kaangkah saged nggampilaken pamaos kangge mangretosi isining Serat Candramemet tumrapipun ingkang boten mangretosi paham basa Jawi. 7

G. Pangretosan Tembung-tembung ing Irah-irahan

1. Sangkalan = inggih menika lambangsasmita katrangan angka taun minangka tetenger utawi pepenget ing salebetipun tetembungan utawi ukara. 2. Kajian Filologi = Kajian inggih menika kasilipun saking mengkaji. Filologi inggih menika ngelmi ngengingi bab sastra-sastra ingkang kaandharaken gayut kaliyan bab basa, bab sastra, saha bab budaya Baroroh-Baried,1985: 1. 3. Naskah = inggih menika barang konkret awujud seratan tangan ingkang nyimpen maneka-warni gagasan minangka asiling budaya pagesangan jaman rumiyin Baroroh-Baried,1985: 4.

4. Serat Candramemet = serat Candramemet menika kasimpen ing perpustakaan

Rumah Budaya Tembi Yogyakarta kanthi nomer inventaris 2363LSJHD2000. Serat Candramemet menika ngewrat kawruh bab caranipun nyerat sangkalan, mliginipun kawruh anggenipun nyerat sangkalan memet.