Underaning Prakawis Watesaning Prakawis

5 1. Inventarisasi naskah Serat Candramemet. 2. Deskripsi naskah Serat Candramemet. 3. Transliterasi teks Serat Candramemet. 4. Suntingan teks Serat Candramemet. 5. Terjemahan teks Serat Candramemet. 6. Ngandharaken gegaran sangkalan ing ing Serat Candramemet.

D. Wosing Prakawis

Jumbuh kaliyan andharan watesaning prakawis ingkang sampun sinerat ing nginggil menika. Wosing prakawis ing panaliten menika saged dipunrantam kados ing ngandhap menika. 1. Kadospundi inventarisasi naskah Serat Candramemet? 2. Kadospundi deskripsi naskah Serat Candramemet? 3. Kadospundi transliterasi teks Serat Candramemet? 4. Kadospundi suntingan teks Serat Candramemet? 5. Kadospundi terjemahan teks Serat Candramemet? 6. Kados menapa kemawon andharan gegaran sangkalan ing ing Serat Candramemet?

E. Ancasing Panaliten

Ancasipun panaliten menika adhedhasar saking wosing panaliten ing nginggil. Wondene ancasipun panaliten menika katata kados ing ngandhap menika. 6 1. Damel inventarisasi naskah Serat Candramemet. 2. Damel deskripsi naskah Serat Candramemet. 3. Damel transliterasi teks Serat Candramemet. 4. Damel suntingan teks Serat Candramemet. 5. Damel terjemahan teks Serat Candramemet. 6. Ngandharaken sengkalan ingkang kawrat ing Serat Candramemet.

F. Paedahing Panaliten

Panaliten menika kaangkah sageda wonten paedahipun kanthi teoritis saha praktis. Wondene paedah teoritis saha praktis panaliten menika katata kados ing ngandhap menika. 1. Paedah Teoritis Wonten tataran paedah teoritis, panaliten menika saged ngandharaken wawasan ngengingi objek panaliten, inggih menika sangkalan ingkang kaandharaken ing Serat Candramemet. 2. Paedah Praktis a. Panaliten menika kaangkah saged nambah wawasan bab sangkalan ingkang kaandharaken ing Serat Candramemet. b. Asiling suntingan teks Serat Candramemet kaangkah saged nggampilaken anggenipun maos Serat Candramemet. c. Asiling terjemahan teks Serat Candramemet kanthi ngginakaken basa Indonesia kaangkah saged nggampilaken pamaos kangge mangretosi isining Serat Candramemet tumrapipun ingkang boten mangretosi paham basa Jawi.