Caranipun Nganalisis CARA PANALITEN

50 panaliten menika panaliti ngginakaken triangulasi teori inggih menika gegaran teori minangka pembanding. Tuladhanipun saged dipuntingali ing ngandhap menika: Konteks: Ki Purboyono duka kaliyan Prihastuti Kusumo, awit nalika tledhek Indah darwati dipunpajang wonten koran Cahaya Kita dening satunggaling reporter Cahaya Kita. “Ya wis ngerti, Jeng Sengara reportere Anoroga umpamane, nulis ing Cahaya Kita Karepku, cah iku dituku pira dening Indah Darwati?” nesune wong kang tilpun wis ora kena diampuh. Disok glogok. DL no.36SPP1 . Pethikan ukara menika nedahaken referensi eksofora persona. Bab menika miturut teori, frasa cah iku nedahaken tiyang ingkang merefer dhateng njawi teks. Tiyang ingkang dipunmaksud menika minangka orang ketiga ingkang saweg dipunrembag wonten pawicantenan. Sinaosa boten dipunsebataken wonten ing teks . Reliabilitas wonten ing panaliten menika ngginakaken reliabilitas intrarater saha realibilitas interrater. Anggenipun nindakaken teknik reliabilitas intrarater inggih menika kanthi cara panaliti maos kanthi premati saha ngambali ngantos ngasilaken data ingkang ajeg. Wondene teknik reliabilitas interrater dipuntindakaken mawi konsultasi asiling panaliten menika dhateng ahli ingkang mumpuni ngengingi panaliten menika, kadosta dosen pembimbing. Kanthi nindakaken diskusi saha konsultasi menika kaajab panaliten menika saged leres saha absah. 51

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Bab menika ngandharaken asiling panaliten inggih menika babagan wujud, jinis saha fungsi referensi eksofora ingkang wonten cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 - 29 Juni 2013. Asiling panaliten menika dipunandharaken wonten ing tabel. Ing ngandhap menika tabel saking asiling panaliten ingkang ngrembag babagan wujud, jinis saha fungsi referensi eksofora ingkang wonten ing cerbung cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 - 29 Juni 2013. Tabel 2. Wujud, Jinis, Fungsi saha Indikator Referensi Eksofora wonten ing cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 - 29 Juni 2013. No. Wujud Referensi Eksofora Jinis Referensi Eksofora Fungsi Referensi Eksofora Indikator 1 2 3 4 5 1. Tembung Persona - Nedahaken tiyang ingkang merefer dhateng njawi teks. “Yun wis sarapan?” “Uwis, lagi rampung, aku mbontot saka omah Ibuku pas masak gudheg, dadi aku sangu. Kowe pa luwe?” DL no.10SPP38. Demonstratif Papan - Nedahaken papan ingkang merefer dhateng njawi teks. “Ora suwe sawise bali mrene, dheweke kandha arep bukak salon kecantikan, ngriyas manten, mesisan nyewakake busana resepsi. 52 Merga sethithik akeh Sini iku rak nduwe kawruh bab ngelmu ngadi sarira lan ngadi busana. Aku krungu-krungu kanggo pawitan bukak salon iku direwangi utang kana kene. Ning sangertiku, nganti dheweke tinggal donya pepinginane bukak salon mau durung kasembadan.” DL no.54GSP17. Demonstratif prastawa - Nedahaken satunggaling prastawa ingkang merefer dhateng njawi teks. “Oo.. dadi iki ta sing jeneng Detektif Setyawan. Sing kasil ngudhari wewadine rajapati ing perenging Gunung Wilis biyen kae?” DL no.49GSP13. 2. Frasa Persona - Nedahaken tiyang ingkang merefer dhateng njawi teks. “Seneng banget mas, kawit isih SD aku penggemar berate waskitha Budaya. Wektu isih bocah aku asring diajak bapak ibuku mirsani Waskitha Budaya yen pinuju nobong ing Kediri. Swargi Mbak Praharsini iku sejatine klebu idholaku kawit isih bocah lho. Koleksiku kasete Waskitha Budaya ya jangkep kok.” DL no.58GSP25. Demonstratif papan - Nedahaken papan ingkang merefer “Bagus Supaya tenang lan ora