Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

49 teori inggih menika jumbuhaken data asiling panaliten kaliyan teori. Saking panaliten menika validitas ingkang dipuntindakaken inggih menika njumbuhaken data referensi eksofora ingkang sampun dipunpanggihaken kaliyan konteks ukaranipun. Aplikasi validitas semantik kontekstual ing cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 - 29 Juni 2013, saged dipuntingali kados tuladha ing ngandhap menika: Konteks: Ki Purboyono duka kaliyan Prihastuti Kusumo, awit nalika tledhek Indah darwati dipunpajang wonten koran Cahaya Kita dening satunggaling reporter Cahaya Kita. “Ya wis ngerti, Jeng Sengara reportere Anoroga umpamane, nulis ing Cahaya Kita Karepku, cah iku dituku pira dening Indah Darwati?” nesune wong kang tilpun wis ora kena diampuh. Disok glogok. DL no.36SPP1 . Pethikan ing nginggil menika menawi dipuntegesi ngginakaken validitas semantik kontekstual gadhah makna bilih paraga Ki Purboyono menika duka nalika wonten satunggaling tiyang ingkang nyerat artikel ngengingi tledhek Indah Darwati wonten ing koran Cahaya Kita. Wonten ing tuladha menika tembung cah iku nedahaken tiyang ingkang saweg dipunrembag wonten ing pirembagan. Tiyang ingkang dipunmaksud Ki Purboyono menika salah satunggaling tiyang ingkang sampun damel artikel ngengingi tledhek Indah Darwati inggih menika reporter Cahaya Kita. Frasa cah iku menawi dipunjumbuhaken kaliyan teori bilih frasa menika nedahaken satunggaling tiyang ingkang acuanipun merefer dhateng njawi teks. Aplikasi triangulasi teori menika caranipun ngesahaken data kanthi ngginakaken perangan tartemtu minangka tetandhingan kaliyan data. Ing 50 panaliten menika panaliti ngginakaken triangulasi teori inggih menika gegaran teori minangka pembanding. Tuladhanipun saged dipuntingali ing ngandhap menika: Konteks: Ki Purboyono duka kaliyan Prihastuti Kusumo, awit nalika tledhek Indah darwati dipunpajang wonten koran Cahaya Kita dening satunggaling reporter Cahaya Kita. “Ya wis ngerti, Jeng Sengara reportere Anoroga umpamane, nulis ing Cahaya Kita Karepku, cah iku dituku pira dening Indah Darwati?” nesune wong kang tilpun wis ora kena diampuh. Disok glogok. DL no.36SPP1 . Pethikan ukara menika nedahaken referensi eksofora persona. Bab menika miturut teori, frasa cah iku nedahaken tiyang ingkang merefer dhateng njawi teks. Tiyang ingkang dipunmaksud menika minangka orang ketiga ingkang saweg dipunrembag wonten pawicantenan. Sinaosa boten dipunsebataken wonten ing teks . Reliabilitas wonten ing panaliten menika ngginakaken reliabilitas intrarater saha realibilitas interrater. Anggenipun nindakaken teknik reliabilitas intrarater inggih menika kanthi cara panaliti maos kanthi premati saha ngambali ngantos ngasilaken data ingkang ajeg. Wondene teknik reliabilitas interrater dipuntindakaken mawi konsultasi asiling panaliten menika dhateng ahli ingkang mumpuni ngengingi panaliten menika, kadosta dosen pembimbing. Kanthi nindakaken diskusi saha konsultasi menika kaajab panaliten menika saged leres saha absah.