Nalaring Pikir GEGARAN TEORI

44 kangge nyerat data ingkang sampun dipunpanggihaken rikala maos cerbung menika. Cara utawi langkah-langkah ngempalaken data inggih menika : 1. Nemtokaken sumbering data ingkang badhe dipuntliti. Sumbering data wonten panaliten menika, inggih menika cerbung wonten ing kalawarti Panjebar Semangat wedalan wedalan 15 September 2012 - 29 Juni 2013. 2. Nyemak kanthi cara maos sumbering data saha nemtokaken ukara ingkang ngandharaken bab ingkang dipuntliti adhedhasar kriteria utawi indikator ingkang ngewrat babagan referensi eksofora. Kanthi maos ingkang premati saha tliti, kita saged ngempalaken ugi saged nemtokaken datanipun . Data menika awujud satuan lingual kadosta tembung saha frasa ingkang ngandharaken wujud, jinis, saha fungsi referensi eksofora ing salebeting cerbung. Kangge manggihaken tetembungan ingkang ngandharaken referensi eksofora kedahipun data ingkang ngandharaken wujud saha jinis referensi eksofora menika dipunlarasaken kaliyan teori ingkang wonten gegayutanipun kaliyan wujud saha jinisipun referensi eksofora . Fungsi referensi eksofora dipuntemtokaken saking wujud data ingkang nedahaken referensi eksofora. Salajengipun data ingkang dipunpanggihaken menika dipunjumbuhaken kaliyan konteks ukaranipun, salajengipun dipundamel dudutan bab fungsi referensi eksofora menika. Teknik maos menika dipuntindakaken kanthi premati, saengga saged manggihaken data ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten. 3. Data ingkang dipunpanggihaken salajengipun dipunserat. Miturut Sudaryanto 1993: 135 cara nyerat dipuntindakaken kanthi cara nyerat 45 data ingkang sampun dipunpanggihaken wonten ing kartu data. Salajengipun data menika dipunkelompokaken. Data ingkang sampun dipunserat wonten kertu data menika dipunpantha-pantha miturut wujud, jinis saha fungsi referensi eksofora.

D. Pirantining Panaliten

Arikunto 1996: 150 ngandharaken instrumen panaliten inggih menika piranti ingkang dipunginakaken dening panaliti kangge nuwuhaken data. Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken kangge manggihaken data wonten panaliten menika inggih menika tabel analisis data ingkang ngewrat kisi-kisi babagan referen eksofora. Wondene piranti kangge mbiyantu anggenipun mendokumentasikan data wonten ing panaliten inggih menika kertu data. Kertu data wonten panaliten menika dipunginakaken kangge nyerat data ingkang badhe dipuntliti utawi dipunanalisis. Data ingkang dipunserat wonten kertu data menika namung wacana ingkang ngandharaken bab referensi eksofora, wujud, jinis saha fungsi referensi eksofora. Kertu data menika minangka kangge mbiyantu anggenipun ngelompokaken wujud, jinis saha fungsi referensi eksofora ingkang wonten ing cerbung kalawati Panyebar Semangat wedalan 15 September 2012 - 29 Juni 2013. Kangge nemtokaken fungsi referensi eksofora menika, kedahipun panaliti mangertos gegayutan antawisipun ukara satunggal kaliyan ukara sanesipun. Kangge mangertosi gegayutan antawisipun ukara menika kedahipun mangertosi suraosing 46 utawi makna saking ukara-ukara menika, saha dipunlarasaken kaliyan konteksipun. Tabel 1. : Kertu Data Irah-Irahan cerbung Sang Pangeran Pati No. Data 1 PS EdisiTanggal terbit 3715-9-2012 Data “Mengko awan watara jam loro, Walikota ngajak sapatemon. Ning ya kuwi, sing arep dirembug apa, ora ana paugeran kang gumathok. Wong sing telepon ajudane. Tulung ya, samektakna file-file kang magepokan karo liputane Cahaya Kita ngenani Walikota. Bisa ta?”. Jinis Referensi eksofora persona Wujud Tembung Fungsi Tembung menika nedahaken tiyang ingkang merefer dhateng njawi teks. Tiyang ingkang dipunmaksud menika ajudanipun Walikota. Katrangan No : Nomer data PS : Panjebar Semangat Edisi : Edisi cerbung ingkang kaserat wonten ing Panjebar Semangat Data : Data awujud wacana ingkang ngandharaken referensi eksofora Jinis : Jinising referensi eksofora Wujud : Wujud referensi eksofora Fungsi : Ginanipun referensi eksofora

E. Caranipun Nganalisis

Data Cara ingkang dipunginakaken kangge nganalisis data wonten panaliten