Kajian Wacana GEGARAN TEORI
22
tembung utawi kelompok tembung kangge nedahaken tembung utawi kelompok tembung utawi satuan gramatikal sanesipun.
Salah satunggaling jinis kohesi gramatikal ingkang ginanipun kangge nedahaken taksih wontenipun gegayutan antawisipun ukara satunggal kaliyan
ukara satunggalipun dipunsebat referensi. Wonten ing basa Jawi referensi dipunginakaken kangge nepangaken topik ingkang enggal utawi negesaken topik
ingkang taksih sami. Dados referensi menika ngandharaken babagan wontenipun gegayutan antawisipun ukara satunggal kaliyan ukara satunggalipun kangge
nggampilaken anggenipun mangertosi maksud seratan utawi tuturan. Awit saking menika, mila wonten ing satunggaling ukara dawa kanthi jejer ingkang sami,
asringipun dipunserat setunggal kemawon, panyeratanipun wonten ing wiwitan ukara lajeng boten dipunsebat malih, Wedhawati, 1979: 17.
Saking andharan ing nginggil, referensi inggih menika pengacuan minangka salah satunggaling jinis kohesi gramatikal ingkang awujud lingual tartamtu
ingkang acuanipun wonten ing satuan lingual sanesipun ingkang ginanipun kangge nedahaken taksih wontenipun gegayutan antawisipun ukara setunggal
kaliyan satunggalipun. Salah satunggaling ukara ingkang wonten gegayutan kaliyan referensi inggih menika:
Sinambi ngobrol aku pancen kepingin nggegulang ngelmu Jawa saka Mbah Dipa. Pisan, dheweke iku jejere wong tuwa. Kaping pindho
dheweke iku wis nate dadi abdi dalem kraton. Wedhawati, 2006: 605.
Pethikan ukara menika nedahaken satunggaling referensi. Satuan lingual
dheweke iku menika, miturut wujudipun referensi awujud frasa. Frasa menika
23
miturut jinisipun referensi kalebet referensi endofora anafora. Bab menika jalaran
frasa dheweke iku wonten ing ukara nedahaken satunggaling tiyang. Tiyang
ingkang dipunmaksud menika sampun dipunsebataken wonten ing ukara saderengipun, inggih menika Mbah Dipa.
Frasa dheweke iku menika ginanipun kangge nedahaken satunggaling tiyang
inggih menika Mbah Dipa, awit sampun wonten andharan saderengipun ngengingi tiyang menika. Saged dipuntingali saking tuladha menika bilih kedudukan
referensi wonten ing salebeting wacana menika kangge nggayutaken ukara
satungal kaliyan ukara sanesipun. Saengga ukara menika padu saha saged nuwuhaken makna ingkang wetah.
Wonten ing salebeting kajian wacana mliginipun wonten ing ruang lingkup pragmatik
, ugi kapanggihaken perkawis ingkang wonten gegayutanipun kaliyan referensi
inggih menika deiksis. Purwo 1984: 1 ngandharaken bilih deiksis menika pengacuan ingkang acuanipun saged ewah gumantung kaliyan penutur,
mitra tutur, wekdal saha papan ingkang saged ndayani pawicantenan menika kadadosan.
Wondene referensi
inggih menika satunggaling jinis kohesi
gramatikal ingkang awujud satuan lingual tartamtu ingkang acuanipun wonten
ing satuan lingual sanesipun, Sumarlam, 2010: 41. Ingkang dados persamaan inggih menika bilih wujud data referensi saha deiksis ugi awujud satuan lingual
kadosta morfem, tembung saha frasa. Sanesipun menika wujud acuanipun inggih menika awujud pronomina persona, papan, saha wekdal.
24
Perkawis ingkang mbedakaken antawisipun referensi kaliyan deiksis inggih menika menawi referensi acuanipun wonten ingkang dipunsebataken ing teks ugi
wonten ingkang acuanipun merujuk dhateng njawi teks. Wondene deiksis menika pengacuan
ingkang acuanipun saged ewah gumantung kaliyan penutur, mitra tutur, papan saha wekdal ingkang ndayani pawicantenan menika kadadosan.