Panaliten Ingkang Laras GEGARAN TEORI

43 menika cerbung kanthi irah-irahan Sang Pangeran Pati anggitanipun Fitri Gunawan saha cerbung Getih Sri Panggung anggitanipun Kukuh S.Wibowo. Panaliten ngginakaken sumber data cerbung menika amargi cariyos ingkang dipunandharaken wonten ing salebeting cerbung menika saged narik kawigatosaning para pamaos, inggih menika ngengingi perkawis kadurjanan, katresnan ugi perkawis rajapati. Ananging saking sedaya perkawis kalawau ugi kapanggihaken nilai piwulang ingkang saged dipunpendhet saking cerbung menika. Ananging ingkang langkung wigatos inggih menika wonten ing salebeting cerbung menika kapanggihaken ukara-ukara ingkang ngandharaken referensi eksofora . Cerbung menika salah satungaling karya sastra ingkang ngginakaken basa Jawi campuran inggih menika basa Jawi ragam ngoko kaliyan krama. Ananging kathahipun ngginakaken basa ngoko, saengga saged langkung gampil anggenipun mangertosi wosing cerbung menika.

C. Caranipun Ngempalaken

Data Anggenipun ngempalaken data wonten panaliten menika, inggih menika kanthi teknik maos saha teknik nyerat. Miturut Sudaryanto 1993: 133 metode maos simak inggih menika cara ngempalaken data ingkang dipuntindakaken kanthi cara maos utawi nyemak sumbering data ingkang dipuntliti. Metode maos ingkang dipuntindakaken wonten ing panaliten menika kangge manggihaken data ingkang nedahaken referensi eksofora. Mawi metode maos nyemak menika dipuntindakaken kanthi tliti. Wondene metode nyerat menika katindakaken 44 kangge nyerat data ingkang sampun dipunpanggihaken rikala maos cerbung menika. Cara utawi langkah-langkah ngempalaken data inggih menika : 1. Nemtokaken sumbering data ingkang badhe dipuntliti. Sumbering data wonten panaliten menika, inggih menika cerbung wonten ing kalawarti Panjebar Semangat wedalan wedalan 15 September 2012 - 29 Juni 2013. 2. Nyemak kanthi cara maos sumbering data saha nemtokaken ukara ingkang ngandharaken bab ingkang dipuntliti adhedhasar kriteria utawi indikator ingkang ngewrat babagan referensi eksofora. Kanthi maos ingkang premati saha tliti, kita saged ngempalaken ugi saged nemtokaken datanipun . Data menika awujud satuan lingual kadosta tembung saha frasa ingkang ngandharaken wujud, jinis, saha fungsi referensi eksofora ing salebeting cerbung. Kangge manggihaken tetembungan ingkang ngandharaken referensi eksofora kedahipun data ingkang ngandharaken wujud saha jinis referensi eksofora menika dipunlarasaken kaliyan teori ingkang wonten gegayutanipun kaliyan wujud saha jinisipun referensi eksofora . Fungsi referensi eksofora dipuntemtokaken saking wujud data ingkang nedahaken referensi eksofora. Salajengipun data ingkang dipunpanggihaken menika dipunjumbuhaken kaliyan konteks ukaranipun, salajengipun dipundamel dudutan bab fungsi referensi eksofora menika. Teknik maos menika dipuntindakaken kanthi premati, saengga saged manggihaken data ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten. 3. Data ingkang dipunpanggihaken salajengipun dipunserat. Miturut Sudaryanto 1993: 135 cara nyerat dipuntindakaken kanthi cara nyerat