Watesaning Perkawis Wosing Perkawis

10

BAB II GEGARAN TEORI

A. Wacana

Wacana menika asalipun saking tembung wacwakvak ingkang tegesipun ngendika, Douglas lumantar Mulyana, 2005: 3. Tembung wac menika pikantuk panambang -ana saengga dados wacana. Mila wacana menika gadhah teges tuturan Poerwadarminta, 1939: 658. Miturut Webster lumantar Sumarlam, 2010: 17 ngandharaken bilih wacana menika ngewrat satunggaling gagasan utawi pamanggih. Dados wonten ing salebeting tuturan menika ngewrat satunggaling gagasan ingkang badhe dipunandharaken kangge tiyang sanes. Miturut satuan linguistik, wacana menika tataranipun paling inggil tegesipun menawi dipuntingali saking struktur wacana, kedudukan wacana menika wonten sainggilipun ukara. Bab menika gayut kaliyan pamanggihipun Tarigan 1987: 27, bilih satuan basa wonten ing ngandhapipun wacana inggih menika ukara, klausa , frasa, tembung, morfem saha fonem. Mila wacana menika satuan basa ingkang langkung jangkep saking ukara utawi klausa. Rani, dkk 2004: 3 ngandharaken bilih proses pandhapuking wacana menika saking rantaman swanten ingkang ngasilaken tembung, saking rantaman tembung saged ngasilaken frasa, saking rantaman frasa saged ngasilaken ukara, ingkang pungkasan saking reroncening ukara menika saged ngasilaken satunggaling wacana. Mila wacana menika unit satuan basa ingkang langkung ageng. 11 Ananging satunggaling tembung menika saged dipunsebat wacana. Amargi tembung menika ngewrat satunggaling makna ingkang wetah, informasi ingkang dipunandharaken cetha, saha jumbuh kaliyan konteksipun. Saengga tembung menika saged madeg piyambak minangka satunggaling wacana. Bab menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Nababan lumantar Mulyana, 2005: 9 bilih satunggaling teks menika sifatipun kontekstual. Hoed lumantar Rani dkk, 2004: 6 ngandharaken bilih konteks ingkang dipunmaksud menika unsur basa ingkang dipunrujuk dening satunggaling tuturan. Pramila teks menika minangka realisasi satunggaling wacana. Mulyana 2005: 6 ngandharaken bilih wacana minangka satuan gramatikal ugi objek kajian linguistik ingkang ngewrat sedaya unsur basa ingkang dipunbetahaken nalika komunikasi. Satuan basa ingkang jangkep menika saged dipunandharaken mawi karangan ingkang wetah novel, buku, seri ensiklopedia lsp, paragraf, ukara utawi tetembungan ingkang ngewrat amanat ingkang jangkep, Kridalaksana lumantar Tarigan, 1987: 25. Wacana menika dipunwastani jangkep tegesipun bilih satunggaling wacana menika ngewrat gagasan utawi ide ingkang wetah ingkang saged dipunmangertosi dening tiyang sanes. Gegayutan kaliyan menika Keraf 1995: 4 nambahaken bilih ingkang dipunsebat wacana inggih menika wujud basa ingkang sainggilipun ukara ingkang ngewrat tema tartemtu. Dados tema minangka salah satunggaling titikanipun satunggaling wacana. Adhedhasar gagasan utawi konsep menika temtunipun wacana kedah nggatosaken tema.