Soal Penilaian Proses dan Hasil Belajar

Mengetahui, Guru Pembimbing Drs. A. Tri Nugroho NIP 19590917 198803 1 005 Mahasiswa Latifah Jahro NIM 11205244005 RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN RPP Nama Sekolah : SMP N 2 Moyudan Mata Pelajaran : Bahasa Jawa KelasSemester : IXGasal Alokasi Waktu : Dua jam pelajaran 80 menit Aspek Pembelajaran : Berbicara Standar Kompetensi : Mengungkapkan gagasan ragam wacana lisan sastra dalam kerangka budaya Jawa Kompetensi Dasar : Praktik membaca cerita pendek Indikator : a. Siswa dapat menyebutkan hal-hal yang harus diperhatikan dalam membaca cerkak. b. Siswa dapat membaca cerkak dengan intonasi yang baik, memperhatikan tanda baca, dan penuh penghayatan. c. Siswa dapat menjelaskan isi cerkak yang telah dibacakan.

A. Tujuan Pembelajaran

Setelah mengikuti pembelajaran ini, diharapkan siswa dapat: 1. menyebutkan hal-hal yang harus diperhatikan dalam membaca cerkak. 2. membaca cerkak dengan intonasi yang baik, memperhatikan tanda baca, dan penuh penghayatan, dengan memperhatikan tanda baca, dan penuh penghayatan. 3. menjelaskan isi cerkak yang telah dibacakan.

B. Materi Pembelajaran

1. Maos Cerkak Saderengipun maos cerkak, wonten bab-bab ingkang kedah dipungatosaken. Bab- bab ingkang kedah dipungatosaken inggih menika: a. olah swara Olah swara inggih menika ngucapaken swanten kanthi cetha saha leres. Kados ngucapaken c menapa j, b menapa p, d menapa dh, t menapa dh, saha sapanunggalanipun. Anggenipun maos kedah sora. Manawi saged, anggenipun maos ngginakaken ambegan padaran. Kejawi menika ugi kedah nggatosaken tandha waos. b. lagu lagu tegesipun anggenipun maos kedah mangertos kapan kedah dipunwaos sora, alon, banter, rindhik, saha sapanunggalanipun. Upami wonten ing cerkak wonten pacelathonipun, waossan wau saged langkung cetha saha sae dipunmirengaken. c. wirasa Wirasa tegesipun nalika maos cerkak kedah saged mangertosi watakipun paraga ingkang wonten ing cariyos. Dados, anggenipun maos kedah trep nggambaraken kawontenanipun paraga. Kadosta paraga manawi saweg duka, sedhih, mesthi beda anggenipun maos kaliyan manawi paraga saweg bungah. d. ekspresi Ekspresi tegesipun maos cerkak kedah mantep saking penggalih. Saged ngraosaken wosippun cariyos ingkang dipunwaos. e. olah raga olah raga inggih menika ebahing badan kedah trep kaliyan makna lan raos tembung ingkang dipunwaos. f. sarana sarana tegesipun kedah nggatosaken piranti sanesipun, upaminipun teks ingkang dipunwaos kedah cetha. Kapethik kanthi ewah-ewahan sawatawis saking Mutiyara Basa Jawa 3 2012:7- 8 2. Tuladha Cerkak Ing Ruang BK Aku paling suthik yen kudu adu arep karo Bu Wara ing ruang BK. Wis kaping telu aku didhawuhi sowan. iki sing kaping papat. “Apa ya mung aku kang nyandhang lelakon kaya ngene? Yen karepku ngono kepingin urip kang prasaja tanpa ginubet ing prakara.” ujarku ing batin. Bulik wis nate crita yen wiwit umur pitung sasi aku dititipake ana ing Depok Sleman, daleme Bulik amarga ibuku dherek bapak kang wektu semana bara menyang Jakarta. Kebeneran Bulik anggone mbangun bebrayan karo Paklik wis limang taun durung kaparingan momongan. dadi anggone nggula wentah kaya anake dhewe. Nalika aku kelas pitu SMP, kulawargane Bulik kaparingan momongan. Rumangsaku pangrenguhe Bulik lan Paklik malih grembyang. Gagah putrane Bulik kang umure limang sasi luwih digatekake. mulane anggonku mulih sekolah tekan ngomah jam papat sore. Yen didangu, wangsulanku ana kegiatan ing sekolahan. Suwe-suwe Paklik sujana marang alasanku. mulane Paklik ngelegakake rawuh ing sekolah nemoni Bu Wara saperlu ngaruhake kok anggone mulih saben dina mesthi sore. Sapungkure Paklik, Bu Wara nimbali aku. “Bu Wara kepengin Sely jujur Apa sebabe meh saben dina mulih sore? Kamangka Sely mung melu kegiatan ekstra kerawitan kang digladhi dening pak Triman. Iku wae kegiatane mung dina rebo?” pitakone Bu Wara nalika sepisan aku mlebu ruang BK. Aku banjur crita bab diri pribadiku. nganti ora kuwawa ngendheg lakune luh kang ndlewer ing pipiku. “Kudune Sely ora kena duwe panyakrabawa ala marang Bulik utawa Paklik.. Iki ora ateges bu wara mbelani Bulik lan Paklikmu, nanging putrane Bulik rak bocah cilik mesthine buttuh katresnan lan pambiyantu. Yen sarane Bu Wara luwih becik Sely asring mbiyantu bot repote kulawarga” ngendikane Bu Wara. Yen daknalar lan dakgagas, bener uga ngendikane Bu Wara. mula perkaraku bisa diudhari. nanging ana bab kang dadi panguneg-uneging pikirku. Udakara wis 12 taun wong tuwaku ora kondur ing Yogya. Ing klas 8 aku uga didhawuhi ngadhep Bu Wara ing ruang BK. “Iki rak mesthi masalah dhuwit jaket ekstra kang wis dakgunakake?” gunemku sakroning ati. “Jebul dhuwit jaket kok gunakake karo pacarmu, Sely.. Sely kok nganti tekan semono tumindakmu banjur kanggo apa?” ngendikane Bu Wara karo gedheg- gedheg. Akeh banget kang dingendikakake Bu Wara marang aku. Sing baku aku kudu mbalekake dhuwit jaket lan kudu medhot pacarku. Judhegku nganti kelas 9 aku ora iso nyaur. Genep seminggu aku ora mangkat sekolah. ndadekake Bulik lan Paklik uga pihak saka sekolahan bingung jalaran kurang sesasi aku ujian malah tanpa kabar kang gumathok. “Dingapura iki, Ibu mau mulang kelas 8 dadi rada sauntara nunggu ana ing ruang BK.” ngendikane Bu Wara karo ndelehake buku lan tase ing nduwur mejane. Ora let suwe Paklikku mlebu ing ruang BK dikanthi karo pawongan loro lanang wadon banjur lungguh ana ing kursi kang wis cumepak.