3 Soal, Kunci Jawaban, dan Pedoman Penilaian

purwakanthi guru swanten a, b, a, b; 2 saben ukara kadadosan saking kalih gatra; 3 ukara sapisan minangka purwaka, ukara kaping kalih minangka wosipun. 5. Wujud Parikan i. Parikan 4 wanda + 4 wanda x 2 5 Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi. 6 Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja. 7 Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen. 8 Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu. j. Parikan 4 wanda + 6 wanda x 2 4 Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung. 5 Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing. 6 Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau. k. Parikan 3 wanda + 5 wanda x 2 4 Bayeme, wis kuning-kuning. Ayeme, yen wis nyandhing. 5 Timune, diiris-iris. Gumune, ora uwis – uwis. 6 Sirahe, dianguk-anguk. Senenge, yen wis kepethuk. l. Parikan 4 wanda + 8 wanda x 2 5 Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid, aja seneng keceh dhuwit. 6 Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur. 7 Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong. 8 Tawon madu, ngisep sari kembang jambu. Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu. m. Parikan 8 wanda + 8 wanda x 2 4 Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau. 5 Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa. 6 Kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati. n. Parikan 9 wanda + 9 wanda x 2 2 Surakarta pernahe wetan, Surabaya rame kuthane. Aja padha kesed-kesedan, lha yen kesed kapan pintere? o. Parikan 10 wanda + 10 wanda x 2 2 Awan-awan aja keluyuran, ana pak mantri numpak sekuter. Kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter. p. Boten migunakaken paugeran ingkang gumathok amargi cacahipun wanda boten sami, ingkang wigati guru swanten wonten ing pungkasanipun wanda sami. 3 Gula jawa, dirubung laler. Dadi siswa, kudu pinter. 4 Ngetan, bali ngulon. Tiwas dandan, ora klakon. Kapethik kanthi ewah-ewahan sawatawis saking Mutiyara Basa Jawa 1 2012:23 Kapethik kanthi ewah-ewahan sawatawis saking Kaloka Basa 2006:8

H. Pendekatan, Model dan Metode Pembelajaran

1. Pendekatan Scientific