Kompetensi Inti Tujuan Pembelajaran
Sawetara iku Desinta wis rampung adus, dheweke mbiyantu wong tuwane ngentas sandhangan saka mesin cuci. Sandhangan-sandhangan mau banjur dijereng ana ing teras
dhuwur. Riyanti ora gelem keri karo mbakyune, senajan lagi kelas papat SD dheweke
mbiyantu nyepak-nyepakake sarapan kanggo wong saomah. Sega sing isih panas dicidhuk saka magic com supaya yen wektune wong saomah padha sarapan ora
kepanasen lan enak dirasakake. Pas jam enem kurang seprapat wong saomah wis padha samekta budhal nindakake
kuwajiban. Meja ing ruang makan banjur padha dirubung karo lungguh ing kursi. Sarapan diwiwiti kanthi ndonga bebarengan. Sawise rampung sarapan lan ngasahi ajang
nuli padha pamit-pamitan. Desinta mangkat sekolah bareng Bu Darmaji, dene Riyanti mbonceng Pak Darmaji.
Bu Darmaji :
“Wis ya Pak, aku dak mangkat dhisik, ayo Desinta enggal pamit marang bapak.”
Pak Darmaji :
“Yen sliramu arep tindak saiki, becike awake dhewe pamit sisan karo Mbah Kakung, mengko budhal bebarengan”
Desinta :
“Wis ya Pak aku pamit, ne njaluk sangu.” Bu Darmaji
: “Lo...,lo...lo, kok le pamit kok kaya ngono. Mbok ya sing
bener, mengko yen kepireng Mbah kakung rak ya ngisin- isini.”
Desinta :
“Lah.., piye Bu, rak durung tau diwarahi.” Bu Darmaji
: “Pak, kula nyuwun sangu, salajengipun keparenga kula pamit
bidhal sekolah.”
Desinta :
“Pak, kula nyuwun sangu, salajengipun keparenga kula pamit bidhal sekolah.”
Pak Darmaji :
“Yoh.., nya iki dak paringi sangu. Kana saiki Riyanti uga pamit ibu”
Riyanti :
“Bu, kula nyuwun pangestu badhe bidhal sekolah.” Bu Darmaji
: “Ya..., kana ngati-ati, gene Riyanti malah wis langsung bisa
matur.” Riyanti
: “Rak ya wis krungu le matur mbak Desi.”
Bu Darmaji :
“Kana Desinta lan Riyanti pamit mbah kakung sisan.”
Desinta banjur mlayu marani mbah kakunge sing lagi makani pitik ing sandhing daleme. Riyanti uga melu nututi, bocah loro banjur matur nyuwun pamit.
Desinta , Riyanti :
“Mbah kakung, kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah.” Mbah Kakung
: “Yoh.., sing ngati-ati. Walah-walah kok jebul wis bisa
omongan kanthi unggah- ungguh sing pas.”
Desinta , Riyanti :
“Mau aku diwarahi ibu.” Mbah Marta m
riksani wayahe karo ngunandika, “Ya sukur..., putuku ora ilang jawane. Wilang-wilang bocah saiki, gelem diajari unggah-ungguh Jawa. Pak Darmaji
lan Bu Darmaji uga ora lali pamit marang mbah Marta, “Pareng Pak, kula kekalih bidhal nyambut damel.
Sawise padha salam-salaman kulawargane pak Darmaji budhal sowang- sowangan. Bu Darmaji lan Desinta numpak sepeda motor ngidul tumuju arah Godean,
dene pak Darmaji lan Riyanti ngetan tumuju Sleman.