Kompetensi Inti Kompetensi Dasar
Basa krama lugu wujud tembungipun krama sedaya. Ananging menawi tembung lingga ingkang pikantuk wuwuhan kadosta ater-ater utawi
panambang ingkang dipunkramakaken namung tembung lingganipun wuwuhan tetep ngoko.
d. Basa Krama Alus
Basa krama alus wujud tembungipun krama kaliyan krama inggil. Tembung krama dipunginakaken tumrap piyambakipun. Tembung krama inggil
dipunginakaken marang tiyang sanes ingkang dipunajak guneman. 3.
Tuladha Panganggenipun Unggah-Ungguh Basa Jawa
Tuladha pacelathon Pacelathon ginakaken basa Jawa ngoko
Zaki : “Sa wingi biji basa Jawamu ing rapot entuk pira?”
Rosa : “Yen basa Jawa ning rapot mesthi apik terus.”
Zaki : “Wah tiwas kebeneran tenan iki, pancen wis rada suwe aku kepengin
nyoba takon marang kowe. Coba apa kang diarani pepindhan kuwi?” Rosa
: “Pepindhan kuwi yen ing Basa Indonesia kalebu ewoning majas perbandingan. Dene ing basa Jawa yaiku unen-unen kang ngemu
teges pepindhan utawa memper.” Zaki
: “Ya, aku wis rada percaya karo kowe menawa bijimu basa Jawa entuk apik.”
Pacelathon ginakaken basa Jawa krama Pratama
: “Assalamu’alaikum Pak Wardi.” Pak Wardi
: “Wa’alaikumsalam, mangga-mangga Mas badhe wonten perlu menapa?”
Pratama : “Sowan kula menika badhe caos uninga bilih mangkeh siyang Pak
Wardi dipunaturi rawuh wonten ing rapat mengeti dinten Kamardikan.”
Pak Wardi : “ Tabuh pinten nggih Mas?”
Pratama : “Tabuh setengah setunggal siyang, Pak.”
Pak Wardi :
“Diaturke kemawon mangke menawi boten wonten acara sanes kula badhe dhateng
Pratama :
“Inggih, Pak. Samenika kula badhe nyuwun pamit. Matur nuwun.”
Pak wardi : “Sami-sami.”
Materi untuk berpamitan kepada anggota keluarga di lingkungan rumah.
1. Berpamitan
Pamitan kuwi salah siji tata kramane wong jawa sing tekan saiki isih akeh ditindakake. Kayata sing ditindakake dening bocah marang wong tuwane.
Conto ukara bocah sing pamitan marang wong tuwane: 1.
“Pak buk, kula pamit rumiyin nggih..”. 2.
“Buk, Risma tak tumbas jajan nggih”.