AAK culture library
AAK culture library
7
kadosta : ing bebasan saking karsaning Allah, isbatipun saking karsaning Pangeran.
Kabar pakantukipun
ingkang sampul
kalampahan asring
kadhawahan ilham. Dados amewahi teranging pambudi, ananing wasiyating guru ingkang sami kawaleraken sadaya punika manawi kasupen boten dados
punapa, sebab sajatosipun ingkang dados awisaning ulah ngelmi kasampurnan punika namung napsu. Manawi saged ambirat hawa napsu, saking aDzat
kadunungan manah awas tuwin emut. Manawi tansah awas emut saestu manggih kamulyan ing sangkan paran sasaminipun kados riwayating para ahli
ngelmi ingkang kasebut ing ngandhap punika : a. Taberi suci temen ; Minangka pambirating durgandana ing tembe, tegesipun
; ganda awon. b. Angengirangi dhahar nginum ; Minangka paluluhaning raga ing tembe.
c. Angawisi sare shawat ; Minangka pangluyutaning jiwa ing tembe. d. Nyenyuda napsu wuwus ; Minangka panglenyepaning rahsa ing tembe.
Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing tembe lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing kaanan kita kang
sejati. Punika sarehning kula dereng saged anglampahi piyambak, dados namung anyumanggakaken ing pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi
kalampahan makaten inggih wallahu alam katarimahipun. Sawise ganep pamejange, nuli amarah patrape paraboting ngilmu dadi wolung
pangkat, kasebut ing ngisor iki : 1. Pamuja.
“Ana pepujaningsun sawiji, Dzate iya Dzatingsung, sifate iya sifatingsun, asmane iya asmaningsun, afngale iya afngalingsun, Ingsun puja ing patemon
tunggal sakahananingsun, sampurna kalawan kudratingsun”. 2. Tobat utawa Panalangsa.
“Ingsun analangsa maring Dzatingsun dewe, regeding jisimingsun gorohe ing atiningsun, serenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase ing
mengko Ingsun ruwat sampurna ing sadosaningsun kabeh saka ing kudratingsun”.
3. Pangruwat. “Ingsun angruwat kadangingsun papat kalmia pancer kang dumunung ana ing
badaningsun dewe, Mar Marti Kakang Kawah Adi Ari-ari Getih Puser, sakehing kadang ingsun kang ora katon lang kang ora karawalan, utawa kadangingsun
kang metu saka marga ina, sarta kadangingsun kang metu bareng sadina kabeh pada sampurnaa nirmala waluya kahanan jati dening kudratingsun”.
4. Saksi ing Dzat Kita, kaya Sasahidan. “Ingsun anakseni ing Dzatingsun dewe, satuhune ora ana Pangeran, anging
Ingsun, lan anakseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya sajatine kang Allah iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku
cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kena ing pati, iya Ingsun kang eling ora kena lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya
Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing pangreti, byar sampurna
AAK culture library
AAK culture library
8
padang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kudratingsun”.
5. Anucekake Sakehing Anasir. “Ingsun anucenaken sakaliring anasiringsun kang abangsa jasmani, suci mulya
sampurna anunggal kalawan sakaliring anasiringsun kang abangsa Rochani, nirmala walya ing kahanan jati dening kudratingsun”.
6. Angawinake Badan Karo Nyawa. “Allah kang kinawin, winalenan dening Rasul, pangulune Muhammad, saksine
Malaekat papat, iya iku Insun kang angawin badaningsun, winalenan dening rahsaningun,
kaunggahake dening
cahyaningsun, sinaksenan
dening Malaekatingsun
papat, Jabarail,
iya iku
pangucapingsun, Mikail
pangambuningsun, Israfil paningalingsun, Idjrail pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun”.
7. Sangkan Paraning Tanazultarki. “Ingsun mancad saka ing alam Insan Kamil, tumeka ing alam Ajsam, nuli
tumeka ing alam Misal, nuli tumeka ing alam Arwah, nuli tumeka ing alam Wachidiyat, nuli tumeka ing alam Wahdat, nuli tumeka maring alam Insan Kamil
maneh, sampurna padang tarawangan saka ing kudratingsun”. 8. Pambirat Asaling Cahya.
“Cahya ireng kadadeyaning napsu, Luwamah sumurup maring cahya kang abang, cahya abang kadadeyaning napsu, Amarah sumurup maring cahya
kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu, Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya puti kadadeyaning napsu, Mutmainah sumurup maring
cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarna kadadeyaning Pramana, sumurup marang Dzating cahyaningsun kang awening mancur mancorong
gumilang tanpa wewayangan, byar sampurna padang terawangan, ora ana katon apa-apa, kabeh-kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun saka ing
kudratingsun”. Sawise mangkono, nuli amarah maneh praboting amatrapake panjenenganing
Dzat, dadi sangang pangkat, kasebut ing ngisor iki. 1. Angumpulake Kawula Gusti.
“Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun, tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun”.
2. Maha Sucekake Ing Dzat. “Ingsun Dzat Kang Amaha Suci Kang Sifat Langgeng, kang amurba amisesa
kang kawasa, kang sampurna nilmala waluya ing jatiningsun kalawan kudratingsun”.
3. Angrakit Karatoning Dzat.