Alam Nuriyah. Alam Nuriyah Luhur.

AAK culture library AAK culture library 27 ngragada kaya anganggep Pangeran, prabawane geni murub gede angalad- alad, alaming napsu diarani alam Jabarut, tegese asreng, ing nalika iku panggonaning rekasa, poma disareh sarta santosa, aja nganti korup sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang brakasakan. Ora anatara suwe cahya abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing nafsu Sufiyah, wahanane ing nalika urip amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon sakaliring manuk miwah bangsa iber-iberan, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane angin pancawara gede, alaming napsu diarani alam Lahut, tegese gingsir, ing nalika iku panggonaning renggang saliring anggaota, poma ditetep, sarta, santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah bangsa iber-iberan. Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur, ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana, kadadiyane ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning beburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane banyu wening tanpa sangkan, alaming napsu diarani alam Malakut, tegese karaton, ing nalika iku panggonane uninga ing karaton kang rinakit Maha Mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih, bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning beburon banyu.

3. Alam Nuriyah.

Kang kaping telu, sasirnaning alam Sariyah, katon alam Nuriyah, tegese alaming cahya, padange angluwihi padanging alam Sariyah, ing kono tekaning cahya amancawarna, ireng abang kuning putih, ijo gumelar bareng pada katon karaton sarwa raras kabeh, iku wahanane pancadriya, kawimbuhan cahyaning pramana, alaming pancadriya diarani alam Hidayat, tegese pituduh, dening anuduhake panggonane ing nalika gumelaring karaton, anaging dudu sejatine karaton kang rinakit Maha Mulya, iya iku karatoning panasaran, kaya ta, karaton kang katon ana sajroning cahya ireng, iku dzating sato kewan miwah gegeremetan, kang katon ana sajroning cahya abang, iku karaton dzating brekasakan, kang katon ana sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk miwah bangsa iber-iberan, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton dzating iwak loh miwah bangsaning beburon banyu, kang katong ana sajroning cahya ijo, iku karatong dzating tetuwuhan, ing nalika kapiyarsa swara kaya anuduhake karatong kang agung kang Amaha Mulya, poma dijinem sarta santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalebu ing karaton panasaran.

4. Alam Nuriyah Luhur.

Kang kaping pat, isih ana sajroning alam Nuriyah, ing kono katon cahya wening, sajroning cahya ana murub sawiji angadeg sasada lanang gedene, darbe sorot wolung warna, ireng abang kuning putih ijo biru wungu dadu, gumelar pada katon swarga asri kabeh, iku wahanane warnaning pramana, AAK culture library AAK culture library 28 kawimbuhan dening sukma, alaming pramana diarani alam Iskat, tegese birahi, dening panggonane rumasa brangta marang gumelaring swarga, ananging dudu sajatining swarga kang amaha suci, dudu panggonan kang nikmat manpangat rahmat, iya iku kahyanganing jin kabeh, amung panggonan kamukten bae, kaya ta : a. Kang katon swarga sarwa ireng meles meleng-meleng mimba mustikaning bumi, iku kadadiyan saka kanistaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin ireng. b. Kang katon swarga sarwa abang abra marakata mimba sesotya geniyara, iku kadadiyan saka dustaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin abang. c. Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba retna dumilah, iku kadadiyan saka doraning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin kuning. d. Kang katon swarga sarwa putih maya-mayawenes mimba manikmaya, iku kadadiyan saka setyaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin putih. e. Kang katon swarga sarwa ijo angenguwung mimba manik tejamaya, iku kadadiyan saka santosaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin ijo. f. Kang katon swarga sarwa miru muyek mimba manik nilapakaja, iku kadadiyan saka sambawaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin biru. g. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mirah pusparaga, iku kadadiyan saka sambadaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin wungu. h. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba mirah dalima, iku kadadiyan saka owah gingsiring cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin dadu, ing nalika iku kambu gandane sakehing kahyangan mau amrik arum angambar kaya anarik rahsa, poma aja nganti karasakake, bokmanawa kalebu ing swarga panasaran.

5. Alam Uluhiyah.