Alam Rochiyah. Alam Siriyah.

AAK culture library AAK culture library 26 nikmating sanggama ing nalika metokake rahsa, amarga awit binuka kijabing Pangeran, waktuning sirnaning warana banjur katoning jaman karamatullah, tegese jaman kamulyaning Allah, pangrasane ing dalem adam kukumi tekane sakehing cahya kang pada anglimputi ing Dzating karaton, ing nalika iku amung amustiya pepuntoning tekad kang santosa, kaya ngibarating aksara Alif kang ajabar jer apes, unine : A, I, U, tegese : Aku Iki Urip, banjuranyipta brangta ing Dzat, supaya aja kengetan marang kang keri kabeh. WANGSITE KANJENG SUSUHANAN KALIJAGA APA KANG BAKAL KALEKSANAN ING JAMAN KARAMATULLAH Iki wangsite Kanjeng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal kaleksanan ing sajroning jaman Karamatullah, kaya mangkene. Ing atasing aral basariyah kabeh, yekti pada anandang jawaliyah, tegese pepalanganing manungsa iku pada kena owah gingsir, iya iku dadi pratandane apesing kawula, kayektenan ing dalem adam kukmi, katon saka pangrasa kaya ing ngisor iki :

1. Alam Rochiyah.

Kang dingin, awit katon alam Rochiyah, tegese alaming nyawa, apadang dudu padanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing tengah ing ngisor ing duwur, ing kono aningali sagara tanpa tepi, iku wahananing ati kawimbuhan cahyaning utek, satengahing sagara katon ana duryat pancamaya warna kaya teja gumawangcahyane, iku wahananing jantung kawimbuhan cahyaning johar awal, iya iku manik, kang pancamaya anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning sarira, empane dumunung ana ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa pangganda pangrasa pamirasa, diarani muka sifat, kawasane amung anuntun sakaliring sifat kabeh, ing nalika iku aja nganti kasamaran marang panengeraning rupa kang sajati, iya iku rupa kita pribadi.

2. Alam Siriyah.

Kang kaindo, sasirnaning alam Rochiyah, katon alam Siriyah, tegese alaming rahsa, padange angluwihi padanging alam Rochiyah, ing kono tekaning cahya patang warna ireng abang kuning putih, iku wahananing budi, ametokake kahananing napsu patang prakara, kang pada dadi durgamaning ati, katone tumurun siji-siji, kang wiwit katon dingin, cahya ireng, iku kahananing napsu Luwamah, hawane ing nalika urip amarakake dahaga arip luwe sapanunggalane, wahanane ing waduk, wahyane saka lesan, kadadiyane ing sajroning cahya ireng katon sakaliring sato kewan miwah gegremet, pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane bumi ganjing, alaming napsu diarani alam Nasut, tegese lali, ing nalika iku panggonaning lali, poma dienget, sarta santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya ireng, bokmanawa anitis marang sato kewan miwah gegremetan. Ora antara suwe cahya ireng sirna, nuli katon cahya abang, iku kahananing napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara, panaten deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna, kadadiyane ing sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani brekasakan, iya pada AAK culture library AAK culture library 27 ngragada kaya anganggep Pangeran, prabawane geni murub gede angalad- alad, alaming napsu diarani alam Jabarut, tegese asreng, ing nalika iku panggonaning rekasa, poma disareh sarta santosa, aja nganti korup sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang brakasakan. Ora anatara suwe cahya abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing nafsu Sufiyah, wahanane ing nalika urip amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon sakaliring manuk miwah bangsa iber-iberan, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane angin pancawara gede, alaming napsu diarani alam Lahut, tegese gingsir, ing nalika iku panggonaning renggang saliring anggaota, poma ditetep, sarta, santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah bangsa iber-iberan. Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur, ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana, kadadiyane ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning beburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane banyu wening tanpa sangkan, alaming napsu diarani alam Malakut, tegese karaton, ing nalika iku panggonane uninga ing karaton kang rinakit Maha Mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih, bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning beburon banyu.

3. Alam Nuriyah.