M U R I D

AAK culture library AAK culture library 11 Dene panganggoning wong dadi guru ana wolung prakara : 1. Paramasastra, tegese limpad ing sastra. 2. Paramakawi, tegese putus ing kawi. 3. Mardibasa, tegese memantes tembung. 4. Mardawalagu, tegese bisa gawe lemesing lelagon. 5. Hawacarita, tegese sugih carita. 6. Mandraguna, tegese sugih kabisan. 7. Nawungkrida, tegese lantip ing panglepasan. 8. Sambegana, tegese engetan. Uger-ugering wong dadi guru ana wolung prakara : 1. Asih ing murid, dianggep anak putu. 2. Tulaten pamulange, ora mawa wigah-wigih. 3. Lumuh ing pamrid, ora duwe pangarah apa-apa. 4. Tanggap ing sasmita, bisa anampani pasemoning murid. 5. Sepen ing pangrayangan, ora dadi kira-kiraning murid. 6. Ora ambalekake pitakon. 7. Ora angendak kagunan. 8. Ora amburu aleman, angunggul-unggulake kapinteran. Utamane wong dadi guru ana wolung prakara : 1. Mulus ing sarira, ora ana cacade. 2. Alus ing wicara, ora sok memisuh lan supata. 3. Jatmika ing solah. 4. Antepan bebudene. 5. Paramarta lelabuhane. 6. Patitis nalare. 7. Becik labete. 8. Ora duwe pakareman.

II. M U R I D

Iki pratikele wong kang wajib dadi murid, ana wolung prakara : 1. Tedak turun. 2. Tunggal bangsa. 3. Tunggal agama. 4. Tunggal basa. 5. Sumurup ing sastra. 6. Wis kaliwat tengah tuwuh. 7. Tanpa lelara. 8. Tanpa kuciwa. Wenanging dadi murid, ana wolung prakara : 1. Nastiti. 2. Nastapa. 3. Kulina. 4. Santosa. 5. Diwasa. 6. Engetan. AAK culture library AAK culture library 12 7. Santika. 8. Lana. Mokaling dadi murid, ana wolung prakara : 1. Edan. 2. Ayan. 3. Wuta. 4. Tuli. 5. Bisu. 6. Bocah durung dewasa. 7. Wong tuwa kang wis lali. 8. Wong lara banget kang wis lali. Panganggoning dadi murid, ana wolung prakara : 1. Angimanake, sirik yen maidowa. 2. Angatonake, sirik yen anapekena. 3. Anastitikake, sirik yen anglirwakna. 4. Anerangake, sirik yen anyuala. 5. Amusawaratake, sirik yen amiyagaha. 6. Anggelarake, sirik yen angumpeta. 7. Anglulusake, sirik yen ambatalena. 8. Anindakakake, sirik yen angenengena. BABARING WIRID KANG AMAWA MURAD MAKSUD Iki Babaring Wirid kang amawa murad saha maksude pisa, angiras minangka bebukaning hidayat kang dadi pituduhe dununging ngelmu makrifat kabeh, wiyose asal saka ing Dalil, Hadis, Ijmak lan Kiyas. Tegese Dalil, anuduhake pangandikane Allah. Tegese Hadis, anyaritakake wewulanging Rasulullah. Tegese Ijmak, angumpulake wewejange para Wali. Tegese Kiyas, amencarake wewarahing para PanditaUlama. Kabeh iku dadi pambukaning kekeran kang amedarake rahsa gaib sajatining ngaurip, supaya waskita ing uripe, lestariya urip ing awal akir, dene apesing kawula manawa tumeka ing janji, amung bisaa, waskita ing sampurnaning sangkan-paran, kamulyaning kahanan jati ana ing jaman kalangengan, aja nganti korup marang panasaran. Mungguh kang dadi wijining ngelmu makrifat anurut kekiyasan saka, Hadis pangandikane Kanjeng Nabi Muhammad, kang kawejang marang Sayidina Ali, kinen angestokake Ananing Dzat kang kasebut ing Dalil sapisan, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, kawisikake ing talingan kiwa, kaya ing ngisor iki jarwane : Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji- wiji, kang ana dingin iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun Sajatining Dzat Kang Amaha Suci, anglimputi ing sifatingsun, anartani ing asmaningsun, amratandani ing afngalingsun. Mungguh dununge mengkene : AAK culture library AAK culture library 13 Kang angandika Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku iya urip kita pribadi, sayekti katitipan rahsaning Dzat Kang Agung. Anglimputi ing sifat iku iya rupa kita pribadi, sayekti kawimbuhan warnaning Dzat Kang Elok. Anartani asma iku iya nama kita pribadi, sayekti kaaku pasebutaning Dzat Kang Wisesa. Amartandani afngal iku iya solah bawa kita pribadi, sayekti anelakake pakartining Dzat kang Sampurna. Mula bebasane wahananing Dzat iku anyamadi sifat, sifat iku anartani asma, asma iku amratandani afngal, afngal iku dadi wahananing Dzat. Dene Dzat, enggone anyamadi sifat iku upama kaya madu kalawan manise, yekti ora kena kapisahena. Dene sifat, enggone anartani asma iku upama kaya srengenge lawan sorote, yekti ora kena yen kabedakena. Dene asma, enggone amartandani afngal iku upama kaya paesan kaca, kang angilo lawan wewayangane, yekti saulah bawaning kang angilo, wewayangan mau melu bae. Dene afngal, enggone dadi wahananing Dzat iku upama kaya samudra lawan ombake, yekti wahananing ombak anut saka rehing samudra. Dadi sejatine, kang anama Dzat iku, tajalining Muhammad, sajatine kang anama Muhammad iku, wahananing cahya kang anglimputi ing jasad, dumunung ana ing urip kita, iya iku urip dewe ora ana kang anguripi, mula kawasa aningali, amiyarsa, angganda, angandika, angrasakake saliring rahsa, iku saka kudrad kita kabeh, tegese mengkene, Dzating Pangeran Kang Amaha Suci iku enggone aningal saka angagem netra kita, enggone amiyarsa iya angagem ing talingan kita, enggone angambet iya angagem ing grana kita, enggone angandika iya anggagem ing lesam kita, enggone angrasakake saliring rahsa iya angagem pangrasa kita, aja mawa uwas sumelang ing galih, sabab wahananing wahya dyatmika iku wis kasarira, tegese, lair batining Allah wis dumunung ana ing urip kita pribadi, manawa ing bebasane tuwa Dzating Manungsa karo Sifating Allah, awit dadining Dzat iku kadim azali abadi, tegese dingin dewe nalika isih awang-uwung salawase ing kahanan kita, dadining sifat iku kudusul alam, tegese anyar ana kahananing alam dunya, ananging pada tarik-tinarik tetep-tinetepan, samubarang kang anama Dzat iku yekti dumunung ana ing sifat, sakaliring kang anama sifat iku sayekti kadunungan ing Dzat kabeh. Dene mungguh ing urut-urutane dumadining Dzat sifat iku ana wahanane, kasebut ing Dalil kapindo, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, mengkene jarwane. ”Sajatine ingsung Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa anitahaken sawiji- wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodratingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning afngalingsun kang minangka bebukaning IraDzatingsun, kang dhingin Ingsun anitahaken kayu aran Sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam Adamm akdum azali abadi, nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh Idlapi, nuli damar AAK culture library AAK culture library 14 aran Kandhil, nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab kang minangka warananing Kalaratingsun”. Mungguh dununge mangkene : 1. Sajaratuyakin, tumuwuh ing sajroning alam Adam makdum azali abadi, tegese kayu sajati dumunung ing jagad sunyaruri, isih awang-uwung salawase ing kahanan kita, iku hakekating Dzat mutlak kang kadim, tegese sajatining Dzat kang amasti dingin dewe, iya iku Dzating atma, dadi wahananing alam Ahadiyat. 2. Nur Muhammad, tegese cahya kang pinuji, kacarita ing Hadis, warnane kaya manuk merak, dumunung arah-arahing Sajaratulyakin, iku hakekating cahya kang ingaku tajalining Dzat, ana sajroning nukat gaib, minangka sifating atma, dadi wahananing alam Wahdat. 3. Miratulkayai, tegese kaca wirangi, kacarita ing Hadis dumunung ana sangareping Nur Muhammad, iku hakekating pramana, kang ingaku rahsaning Dzat, minangka asmaning atma, dadi wahananing alam Wahidiyat. 4. Roh Idlafi, tegese nyawa kang wening, kacarita ing Hadis asal saka Nur Muhammad, iku hakekating sukma, kang ingaku kahananing Dzat, minangka afngaling atma, dadi wahananing alam Arwah. 5. Kandil, tegese diyan tanpa geni, kacarita ing Hadis awarna susetya kang mancur mancorong gumantung tanpa cantelan, ing kono kahananing Nur Muhammad, sarta enggon pakumpulaning roh kabeh, iku hakekating angen- angen, kang ingaku wewayanganing Dzat, minangka embaning atma, dadi wahananing alam Misal. 6. Darah, tegese susetya, kacarita ing Hadis adarbe sorot mancawarna, pada kanggonan malaekat, iku hakekating budi, kang ingaku pepaesaning Dzat, minangka wiwaraning atma, dadi wahananing alam Ajsam. 7. Kijab, ingaran dinding jalal, tegese warana kang agung, kacarita ing Hadis metu saka susetya kang amanca warna, ing nalika mosik anganakake uruh, kukus, banyu, iku hakekating jasad, kang ingaku warananing Dzat, minangka sesandanganing atma, dadi wahananing alam Insan Kamil. Mungguh pratelane saka Ijmak Kiyas, pepangkataning dinding jalal, kang awarna uruh, kukus, banyu, mau pada dadi anelung warana, kasebut ing ngisor iki. Kang dingin, uruh, amatokake telung pangkat, 1. Kijab Kisma, dadi wahyaning jasad ing jaba, kaya ta kulit, daging, lan sapanunggalane, 2. Kijab Rukmi, dadi wahyaning jasad ing jero, kaya ta utek, manik, ati, jantung, lan sapanunggalane, 3. Kijab Retna, dadi wahyaning jasad kang alembut, kaya ta mani, getih, sungsum, lan sapanunggalane. AAK culture library AAK culture library 15 Kang kapindo, kukus, ametokake telung pangkat, 1. Kijab Pepeteng, dadi wahananing napas lan sapanunggalane, 2. Kijab Guntur, dadi wahananing pancadriya, 3. Kijab Geni, dadi wahananing napsu. Kang kaping telu, banyu, ametokake telung pangkat, 1. Kijab Embun Banyu Urip, dadi kahananing sukma, 2. Kijab Nur Rasa, dadi kahananing rahsa, 3. Kijab Nur Cahya kang luwih padang, dadi kahananing atma. Kabeh iku warananing Dzat pada dumunung ana Insan Kamil, tegese kasampurnaning manungsa, uja tuwas sumelang maneh, sabab kahananing bale srasy, kursi, lochil-makful, kalam, taraju, wot siratal mustakim, swarga, naraka, bumi, langit, saisen-isene kabeh iku, wis kawengku ana saroning warana, sinamadan dening Dzat kita Kang Maha Agung, gumelar dadi kaelokaning sifat kita kang esa, anartani ing wasaning afngal kita kang sampurna, pratelane kaya ta, ing nalika Kang Amaha Suci karsa amujudake sifate, ingaran Adam, asal saka anasir patang prakara, 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu, iku kahanane kasebut ana ing daliling telu, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, mangkene jarwane : “Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lang Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake Adam, asal saka ing anasir patang prakara, 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu, iku dadi kawujudaning sifatingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah limang prakara, 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi, iya minangka warananing wajahingsun Kang Amaha Sudi”. Mungguh dununge mangkene : Mudah iku Dzating kawula, wajah iku Dzating Gusti Kang Asifat Langgeng, kacarita ing Hadis panjinging mudah limang prakara mau, wiwit saka ing embu- embunan, leren ana ing utek, banjur tumurung marang netra, banjur tumurun marang karna, banjur tumurun marang grana, banjur tumurun marang lesan, banjur tumurun marang jaja dada, banjur sumarambah ing jasad, sangkepe jumeneng Insan Kamil, mangkono iku kawimbuhan saka karsane Kang Amaha Suci enggone anjenengake maligening Dzat, katata ana ing Baitullah, dadi telung kahanan, iku sajatine minangka kayektening kahanan sawiji-wiji, anandakake kalarating Dzat Kang Agung, Kang Amaha Mulya, langgeng ora kena owah gingsir saka kahanan jati, kasebut ana ing dalil kaping pat, saka pangadikaning Pangeran Kang Amaha Suci, dadi telung ayat, kapratekake ing ngisor iki : Ayat kang kapisan, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al makmur, mangkene jarwane : “Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku omah enggoning parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utek, kang ana antraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun Dzat Kang anglimputi ing kahanan jati”. Ayat kang kapindo, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al muharram, mangkene jarwane : AAK culture library AAK culture library 16 ”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku omah enggoning lelaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, iya iku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan jati”. Ayat kang kaping telu, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al mukaddas, mangkene jarwane : ”Sajatine Ingsun nata malige sajroning Bait-al-mukkadas, iku omah enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutfah, iya iku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran angin Ingsun Dzat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam ahadiyat, alam wahdat, alam wahidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun”. Manawa wis anampani ing Dalin pangandikane Kang Amaha Suci mangkono mau diwaskita ing galih, duwur dewe iku wahananing nugraha, kahananing kanugrahan, nugraha iku Dzating Gusti, kanugrahan iku sifating kawula, tunggal tanpa wangenan dumunung ana ing badan kita. Dene pratelane kayektening kahanan kabeh mau kasebut ing ngisor iki pituduhane. Kang dingin, anuduhake kang kasebut ing sajroning Bait al makmur, tegese omah kang arane, mangkene dununge sawiji-wiji : 1. Sirah, iku wiyose kahananing Bait al makmur. 2. Utek, kahananing kanta, anarik wahananing cahya, dadi pambukaning nitya. 3. Manik, kahananing pramana, anarik wahananing warna, dadi pambukaning paningal. 4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi pambukaning pamicara. 5. Napsu, kahananing hawa, anarik wahananing swara, dadi pambukaning pamiyarsa. 6. Sukma, kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi pambukaning panggada. 7. Rahsa, kahananing atma, anarik wahananing wisesa, dadi pambukaning pangrasa. Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al makmur, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak utak, karo iwak manik, sedenge aja nganti angarani polo karo manik, kabare pakolehe kang wis kalakon asring katarima ngelmune. Kang kapindo, anuduhake kang kasebut ing sajroning Bait al muharram, tegese omah kang kalarangan, mangkene dununge sawiji-wiji : 1. Dada, iku wiyose kahananing Bait al muharram. AAK culture library AAK culture library 17 2. Ati, kahananing pancadriya, anarik wahananing napsu, dadi wahyaning napas. 3. Jantung, kahananing pancamaya, anarik wahananing birahi, dadi wahyaning keketek. 4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi wahyaning pamicara. 5. Jinem, kahananing pangraita, anarik wahananing swara, dadi wahyaning pamiyarsa. 6. Suksma, kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi wahyaning pangganda. 7. Rahsa, kahananing atma, anarik wahananing wisesa, dadi wahyaning pangrasa. Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al muharram, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak ati, karo iwak jantung, sedengane aja nganti angarani angen-angen, kabar pakolehe kang wis kalakon, asring katarima ngelmune. Kang kaping telu, anuduhake kang kasebut sajroning Bait al mukaddas, tegese omah kang sinucekake, mangkene dununge sawiji-wiji : 1. Kontol, iku wiyose Bait al mukaddas. 2. Pringsilan, kahananing purba, katumusan wahananing birahi, dadi bebukaning asmaranala, iku sengseming ati. 3. Mani, kahananing kanta, katumusan wahananing hawa, dadi bebukaning asmaratura, iya iku sengseming sapandulon. 4. Madi, kahananing warna, katumusan wahananing karsa, dadi bebukaning asmaraturida, iya iku sengseming pangrungu. 5. Wadi, kahananing rupa, katumusan wahananing cipta, dadi bebukaning asmaradana, iya iku sengseming sapocapan. 6. Manikem, kahananing suksma, katumusan wahananing pangrasa, dadi bebukaning asmaratantra, iya iku sengseming pangrasan. 7. Rahsa, kahananing atma, katumusan wahananing wisesa, dadi bebukaning asmaragama, iya iku sengseming salulut. Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al mukaddas, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak pringsilan sapanunggalane, sedengane aja nganti angarani mani, kabar pakolehe kang wis kalakon, asring katarima ngelmune. Ing ngisor iki ana wirayating guru, manawa amedarake rahsaning Bait al mukaddas, ingatase mejang marang pawestri, wenang kiniyas mangkene. Ing nalika Kang Amaha suci karsa anata malige ana sajroning Bait al mukaddas, jumeneng ing bagane Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku puruna, kang ana ing antaraning puruna reta, iya iku mani, sajroning mani madi, sajroning madi wadi, sajroning wadi manikem, sajroning manikem rahsa, sajroning rahsa iku Dzating atma kang anglimputi ing kahanan jati. Dene pituduhe mangkene, baga, timbangane kontol, puruna, timbanging pringsilan, AAK culture library AAK culture library 18 ing sabanjure pada karo ingatase amejang marang kakung, enggone amardi supaya pada amardiya ing waskitaning sangkan-paran. Mawa wis waskita, prayoga anetepana kang dadi Santosaning Iman, iya iku sahadat jati, kang kasebut ing dalem batin mangkene jarwane : ”Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun”. Riwayating guru ana maneh, ingatase amejang marang pawestri, wenang kawuwuhan mangkene jarwane : ”Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun, Fatimah iku umatingsun”. Manawa wis sumurup surasaning sahadat jati mangkono mau, nuli asahida marang wahananing sanak kita, iya iku kahananing dumadi kang gumelar ana ing alam dunya, kaya ta bumi, langit, srengenge, rembulan, lintang, geni, angin, banyu lan sapanunggalane kabeh, pada anaksenana yen kita mengko wis angakoni jumenenge Dzating Gusti Kang Amaha Suci, dadi sifating Allah kang sajati, kasebut ing dalem batin mangkene jarwane : “Ingsun anakseni ing Dzatingsun dewe, satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun, lan anakseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya sajatine kang Allah iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kena ing pati, iya Ingsun kang eling ora kena lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing pangreti, byar sampurna padang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kudratingsun”. RUPA-RUPA WEJANGAN SAKA PARA GURU Ing mengko amratelakake wewejanganing guru sawiji-sawiji, iku ing pamedare rahsaning ngelmu kang kawejangake awarna-warna, iya pada angestokake urut-urutaning kekiyasan saka Dalil pangandikane Pangeran Kang Amaha Suci, kang kadawuhaken marang Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah kasebut ing ngisor iki. 1. Ana wewejanging guru kang amedarake rahsaning ngelmu Wisikan Ananing Dzat, kekiyasan saka Dalil sapisan. 2. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu Wedaran Wahananing Dzat, kekiyasan saka Dalil kapindo. 3. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu Gelaran Kahananing Dzat, kekiyasan saka Dalil kaping telu. 4. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmukayektening kahanan, kekiyasan saka Dalil kaping pat, ayat kang kapisan Pambukaning Tata-malige ing dalem Bail al makmur, terkadang ayat kapindo Pambukaning Tata-malige ing dalem Bait al muharram, terkadang ayat kaping telu Pambukaning Tata-malige ing dalem Bait al mukaddas. AAK culture library AAK culture library 19 5. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu saka Santosane Iman abebuka sahadat jati, utawa saka Sasahidan. Mungguh surasane kabeh iku iya pada bae, mula pepangkataing ngelmu mau katata dadi sawiji, kang supaya mupakat ing surasane, kajaba amung pepangkataning ngelmu Talek, kara ngelmu Fatah, yen pangiwane ngelmu panitisan, iku pada mawa empan sarta papan dewe, tegesing ngelmu Talek, iku ngelmu ametokake kaelokan kehe pitung prakara : 1. Ngelmu Sepi. 2. Ngelmu Mungin. 3. Ngelmu Mubin. 4. Ngelmu Ahyan. 5. Ngelmu Barayan. 6. Ngelmu Mahbut. 7. Ngelmu Gaibulguyub. Kabeh iku panganggone amung piranti amujudake pepangkataning kaelokan, kang dadi tandaning tontonan ing lahiriyah bae, tegese ngelmu Fatah iku ngelmu sorogan, kehe sangang prakara : 1. Ngelmu Makdum Sarpin. 2. Ngelmu Satariyah. 3. Ngelmu Sirasab. 4. Ngelmu Charajek. 5. Ngelmu Majalin. 6. Ngelmu Fatakurrahman. 7. Ngelmu Sufi. 8. Ngelmu Chak. 9. Ngelmu Nakisbandiyah, diarani Nakisbandiyatulchak. Kabeh iku panganggone amung piranti amujudake malaekat kang dadi tandaning badan alus ana ing dunya bae, ora mupakat karo rahsaning ngelmu kasampurnan, upama katunggalake karo pepangkataning ngelmu kang sajati, mangka salah surupe kang angrasakake, bokmanawa anekakake pamaido, pamaido iku mundak dadi padu, para padon iku isih kekurangan, kekurangan iku kang amarakake kepanasan, kepanasan iku amarakake para bantah karo sesualan, para sesualan iku pakolehe amung rebut unggul ing pangawruh, rebut unggul ing pangawruh iku ora wurung andadekake pasulayan, mulane para sujana kang putus temenan iku ora sedya sesualan, amarga ora darbe ati kepanasan, jatmika rehne wis amumpuni saliring pangawruh, dene manawa ana kang sumedya amadoni muga dikalahana bae, aja nganti lumawan mundak kabarabeyan, ing wekasan kalonglongan, manawa meksa kaburu asengadiya isih kekurangan surup, mangkaono bae wis cukup. PRATIKELE ANGETRAPAKE PARABOTING NGELMU KASAMPURNAN KANG KINENGKER KALARANGAN DENING PARA WALI Iki Pratikele Angetrapake Paraboting Ngelmu Kasampurnan kang kineker kalarangan dening para Wali, ing mengko kawedarake kabeh. AAK culture library AAK culture library 20 Panengeraning Dina Kiyamat . Bebukane amratelakake kang dadi Panengeraning dina Kiyamat, tegesing Kiyamat, jumeneng, kasebut ing gisor iki.

1. Panengeran Kang Dingin.