Pangkur Megatruh bumi gênjot mobah genjang-ganjing

commit to user lxxxix têmbe besuk sintên wêruh makartining budaya kaya wikan donya iki luwih bêcik garubyak ing jamanira

II. Pangkur

16. upama kang kêmbang-kêmbang nêdhêng mêkar sarining kang wêwangi kèh brêmara samya nungsung labêd 39 kakênan gânda dumarundun arsa ngisêp ingkang madu madu mèdêming musthika kinarya pandom dumadi 17. sujalma kang wus waskitha datan samar pamor pandoming urip dadi datan anggêgayuh luput lamun ngèsthia yayah kadi rinêgêm sagêgêm rampung tan kèwran laraping ika rinasuk sahari-hari 18. sayèkti tan sisip sira rèhing sami tinitah warna jalmi beda sato kewanipun rêdèn gènya pêputra tuwuk rumput raga lêmu nuli turu kang pinurih dagingira jinagal murwat kang aji 39 labêt commit to user xc 19. jalma nguja drênging karsa bapa biyung tumindak kang tan yogi pêpasthèn mring turunipun tuwuh dadi durjana badhut lanyah apus krama [14] kojah kêmpus lah dawêg mângga sakarsa mumpung taksih sami urip 20. uripe sapisan rusak putra wayah tan ngaku kaki nini lingsêm kojahing sadulur nular têmah rubeda beda lamun sujalma kang ambêg sadu darapon asma rinêksa kinêkêr budi pribadi 21. luhuring budya utama pan kinarya sangu saranèng urip lumèbèr mring bangsanipun praja gung kang prabawa sinuyutan ing t ậngga mêmitranipun derajad 40 punang nagara kinarya sêkar palupi 22. dêstun têmah kadrawasan dewa sira sungkan marsudi budi budi sastra têmah kêthul cuthêl cupêt ing rasa pathi basa laraping warastra idhup lah sira bângsa punapa parandene nêdya luwih 40 derajat commit to user xci 23. sastra rasaning sabângsa nglêliputi ing lair miwah batin rumêsêp resmi tumuwuh anggung jugulmu prapta têka judhêg jêbul rina saha nglalu lumuh lungiting kang budya budi pramananing urip 24. yèn bângsa ngrasuk budaya budayaning bângsa liyan Nagari têmah pêpadu marundun dêdawa kang druhaka akarana rusak rasa jiwanipun rusak rasa jiwa bângsa satêmah asor pinanggih

III. Megatruh

25. paman dagang kaplêngkang sêsolahipun nadyan bakul nandhang rugi paman tani wus barundhul kalirên satêngah urip ngarêp-arêp ujaring wong 26. kakang buruh rina wêngi adus êluh pramakarya tan nyukupi pêpariman urut lurung kèh jalma anyade siwi ingurupkên katul ompong commit to user xcii 27. si durjana pêthakilan wuwusipun kinarya ngalingi sisip tan wirang nèng ngarsa umum buruh mêjang kang wèh dhuwit mundhute gungan dèn êmong 28. dol tinuku barang nâmpa urupipun nanging barange [15] kang pundi êmbuh nora idhêp wêruh lêlewa tan ngrumangsani butuhe arsa anjêglong 29. pra sarjana kèh kuntit ing jamanipun dwi jawara wigar dêning nistha nir kadarmanipun pinundhi sakèhing jalmi pawitane wasis obrol

IV. Pangkur