32
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Metode
panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika
Research and Development RD
.
Metode
RD inggih menika salah satunggaling
metode
panaliten ingkang dipunginakaken kangge ngasilaken
produk
tartamtu Sugiyono, 2008:128. Jumbuh kaliyan Sugiyono, Borg saha Gall 1983:772 ngandharaken
kanthi langkung cetha bilih “
Educational research and development RD is a process used to develop and validate educational product.
” Sukmadinata 2009:164 ugi ngandharaken bilih
metode
RD menika satunggaling tata cara panaliten kangge ngrembakakaken
produk
enggal utawi nyampurnakaken
produk
ingkang sampun wonten ingkang saged dipuntanggeljawabaken.
Produk
kasebut boten namung pirantos ingkang ketingal
hardware
, kados ta buku, modul, alat paraga pasinaon, ananging ugi awujud
software
komputer,
model-model
pasinaon,
media
kangge gladhen, lan sapanunggalanipun. Wonten ing panaliten menika, cak-cakanipun
produk
arupi kamus
elektronik
basa Jawi kangge siswa kelas 8 semester ganjil ingkang dipunangkah saged minangka media pasinaon mandhiri
kangge siswa sinau ing pundi kemawon papanipun.
B.
Model
Panaliten
Model
pangrembakaning panaliten menika ngginakaken model
prosedural
kagunganipun Borg saha Gall 1983 kanthi sekedhik ewah-ewahan.
Model prosedural
inggih menika model ingkang asipat
deskriptif.
Tetandhingan
antawisipun model RD kagunganipun Borg saha Gall kaliyan
model prosedural
asiling ewah-ewahan saged dipuntingali wonten ing Tabel 1.
Tabel 1: Tetandhingan ing Antawisipun
Model
Pangrembakaning Panaliten dening Borg saha Gall kaliyan
Model Prosedural
Asiling Ewah- ewahan
Model
Pangrembakaning Panaliten Borg saha Gall
Model Prosedural
Asiling Ewah- ewahan
Tahap I Nindakaken
panaliten
prasurvei
kangge ngempalaken seserepan kajian pustaka saha ningali
langsung kawontenan ing kelas, nemtokaken underaning perkawis ingkang dipunpanggihaken
ing salebeting pasinaon, saha damel rangkuman perkawis-perkawis ingkang dados pepalang.
Tahap I.
Observasi
a.
Observasi kurikulum
b.
Observasi sasaran
siswa c.
Observasi
kabetahan
Tahap II Damel rantaman miturut andharaning para ahli
gayut kaliyan asil nalika pados underaning perkawis,
ngrantam ancasing
panaliten, nemtokaken tata urutaning piwulangan, saha
uji ahli
kaliyan uji coba wonten ing
skala
alit, utawi
expert judgement.
Tahap II. Damel Rantamaning Panaliten
a. Nemtokaken materi wulangan
basa Jawi siswa SMP kelas 8 semester ganjil.
b. Ngempalaken
referensi.
c. Damel
kisi-kisi
pirantining panaliten
d. Nemtokaken ahli media saha ahli
materi. e.
Nemtokaken kelas saha guru kangge uji
produk
.
Tahap III. Damel jiniswujudipun
produk
wiwitan ingkang kalampahan saking proses nyamektakaken materi
pasinaon, damel buku acuan, saha pirantos
evaluasi
.
Tahap III. Damel
Produk
a. Damel
draf
kamus
elektronik
basa Jawi ingkang kaping pisan. b.
Damel
draf
kamus
elektronik
basa Jawi ingkang kaping kalih. c.
Konsultasi
draf
kamus
elektronik
basa Jawi ingkang kaping kalih. d.
Mujudaken
produk
wiwitan kamus
elektronik
basa Jawi e.
Validasi
pirantining panaliten.
Tahap IV. Nindakaken uji coba lapangan minangka tahap
kaping pisan ingkang dipuntindakaken wonten ing 2-3 sekolah ngginakaken 6-10
subjek
. Ngempalaken
data
kanthi cara
observasi, wawancara, kuesioner,
dipunlajengaken analisis
data
.
Tahap V. Nindakaken
revisi dhateng
produk
utama adhedhasar pamanggih saha panyaruwe saking
asiling uji lapangan ingkang sepisan.
Tahap IV. Pambijining
Produk
a. Pambijining
produk
tahap I b.
Ewah-ewahan kaping I c.
Pambijining
produk
tahap II d.
Ewah-ewahan kaping II e.
Pambijining
produk
tahap III
f. Ujicoba
winates g.
Ewah-ewahan kaping III h.
Mujudaken
produk
kamus
elektronik
basa Jawi pungkasan
C. Tata Lampahing
Panaliten 1.
Tahap I.
Observasi
a.
Observasi kurikulum
, inggih menika ningali kadospundi
kurikulum
pamulangan basa Jawi ingkang dipunginakaken sekolah mliginipun wonten ing SMP N 1 Mungkid lajeng nemtokaken
kurikulum
menapa ingkang badhe dipunginakaken kangge damel materi.
Kurikulum
wonten ing mriki dipunwatesi malih saking
silabus
ipun, inggih menika ngginakaken
silabus
basa Jawi kelas 8 semester ganjil. b.
Observasi sasaran
, inggih menika ningali lajeng nemtokaken sinten
sasaran
ingkang badhe ngginakaken asiling
produk
. Wonten ing mriki siswa SMPMTS mliginipun siswa kelas 8 ingkang dados
sasaran
-ipun. c.
Observasi
kabetahan, inggih menika ningali lajeng nemtokaken kadospundi wujud
produk
ingkang badhe dipunrembakakaken adhedhasar kajian dhateng kamus cithak basa Jawi saha buku ajar basa Jawi, sae menika
ingkang mratah
wonten ing
masarakat menapa
dene ingkang
dipunginakaken dening siswa ing sekolah.
2. Tahap II. Damel Rantamaning Panaliten
a. Nemtokaken materi wulangan basa Jawi siswa SMP kelas 8
semester
ganjil
.
Caranipun kanthi madosi tetembungan ingkang angel dipunpadosi tegesipun ing salebetipun materi pasinaon basa Jawi kelas 8. Data tetembungan
menika samangke ingkang badhe dipunlebetaken wonten ing kamus
elektronik
basa Jawi minangka
entri data
.