2. Sumbering Pasinaon
Miturut AECT
Association for Educational Communication and Technology
wonten ing Usman, dkk, 2002:1 sumber pasinaon inggih menika sedaya sumber saged arupi data, tiyang utawi bandha ingkang saged
dipunginakaken kangge paring sarana pasinaon dhateng siswa. Sumber pasinaon ugi kalebet samubarang prakawis ingkang saged dipunginakaken dening guru,
saking ingkang awujud bandha menapa sanesipun kangge nggayuh ancasing pasinaon. Sarujuk kaliyan pamanggihipun AECT, Mudhofir 1992:17 ugi
ngandharaken bilih sumber pasinaon menika samubarang prakawis ingkang nyengkuyung lampahing pasinaon, kalebet ugi
sistem pelayanan
, bahan ing salebeting pasinaon, saha lingkungan sakiwa tengenipun satemah saged
nggampilaken siswa kangge nggayuh ancasing pasinaon utawi
kompetensi
tartamtu. Wonten saperangan
komponen
ingkang kawrat wonten ing sumber pasinaon, ing antawisipun tiyang, pesenpiweling, bahan, lingkungan, alat, saha
teknik. Sedaya
komponen
kasebut temtu badhe dipunpanggihaken wonten ing saben lampahing pasinaon.
Miturut Sudjana Rivai 2002:21-25, pamilihing sumber pasinaon saged adhedhasar kalih titikan, inggih menika titikan umum saha titikanipun sumber
pasinaon adhedhasar ancasipun. a.
Titikan umum Titikan umum minangka ukuran dhasar kangge milih maneka warni
sumber pasinaon, ing antawisipun mirah,
praktis
saha prasaja, gampil dipunpanggihaken,
fleksibel
,
komponen
ipun jumbuh kaliyan ancasing pasinaon.
b. Titikanipun sumber pasinaon adhedhasar ancasipun
Saperangan titikan kangge milih sumber pasinaon adhedhasar ancasipun ing antawisipun kados mekaten.
1 Sumber pasinaon kangge paring
motivasi
dhateng siswa. 2
Sumber pasinaon kangge nggayuh ancasing pasinaon. 3
Sumber pasinaon kangge nindakaken panaliten. 4
Sumber pasinaon kangge ngudhar satunggaling prakawis. 5
Sumber pasinaon kangge
presentasi
. Jinising sumber pasinaon menika saged kaperang dados kalih, inggih
menika sumber pasinaon ingkang kedah dipunrantam rumiyin
learning resources by design
saha sumber pasinaon ingkang sampun samekta lajeng kantun ngginakaken kemawon
learning resources by utilization
Januszewski, 2001:84. Sumber pasinaon ingkang kedah dipunrantam rumiyin menika
anggenipun damel kanthi dipunjarag kangge njangkepi ancasipun pasinaon. Sumber pasinaon ingkang kados mekaten asring dipunsebut bahan pasinaon.
Tuladhanipun inggih menika buku pasinaon, modul,
program audio
,
program slide
ingkang wonten suwantenipun,
transparansi
. Sumber pasinaon ingkang sampun samekta inggih menika sumbering pasinaon ingkang dipunrantam kangge
kabetahanipun pasinaon, ananging ugi saged dipunpanggihaken, dipunpilih saha dipunginakaken kangge njangkepi kabetahanipun pasinaon. Tuladhanipun,
seniman, dhalang, paraga tari, busana Jawi, batik, tenaga ahli, sastrawan, museum, pagelaran ringgit, pagelaran kethoprak, pagelaran macapatan, pagelaran
campursari, siaran tv, siaran radio, ariwarti, kalawarti.