Pangertosan Pasinaon Andharan Teori

Miturut AECT wonten ing Usman, dkk, 2002:3, jinising sumber pasinaon menika kaperang saking latar, piweling, tiyang, bahan, pirantos, saha teknik. Piweling utawi message inggih menika seserepan ingkang dipunandharaken dening lembaga resmi, kados ta pamarentah utawi guru nalika lampahing pasinaon taksih lumampah. Piweling menika saged dipunandharaken kanthi pocapan saha ing wujud seratan kados ta wonten ing kurikulum , peraturan pamarentah, peraturan perundangan, silabus , rantaman pasinaon. Sedaya piweling ingkang dipunandharaken kasebut minangka wujud saking piweling ingkang formal . Piweling boten formal menika piweling ingkang wonten ing lingkungan masarakat saha saged dipunginakaken minangka bahan pasinaon. Tuladhanipun, dongeng, naskah, tokoh masarakat, seniman, sastrawan, budayawan, bangunan kina. Dene, piweling ingkang mapan wonten ing sistem pasinaon sekolah saged arupi sedaya pelajaran ingkang badhe dipunsinaoni dening siswa. Tiyang minangka sumbering pasinaon menika gadhah peran minangka subjek ingkang madosi, nyimpen, ngolah piweling, saha ngandharaken sedaya piweling kala wau Januszewski, 2001:84. Tuladhanipun, guru, dosen, pustakawan, petugas laboratorium, widyaswara, tenaga ahli, saha taksih kathah malih kalebet para siswa piyambak. Bahan ingkang dados sumbering pasinaon menika awujud pirantos lunak software ingkang ngewrat piweling ing salebeting pasinaon, padatanipun dipunsamektakaken migunakaken pirantos tartamtu. Tuladhanipun, buku teks, modul, transaparansi OHP , kaset program audio , kaset program video , film . Pirantos alat inggih menika satunggaling wujud pirantos keras hardware ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken piweling ingkang kawrat wonten ing bahan pasinaon Usman, dkk, 2002:4. Tuladhanipun, OHP, tape recorder, video player, proyektor, slide, proyektor film, komputer . Teknik inggih menika tata cara tartamtu ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken piweling ing pasinaon. Tuladhanipun, kanthi cara demonstrasi , pirembagan, praktikum , pasinaon mandiri , sosiodrama roleplay , dolanan, tutorial langsung , paring pitakenan, ceramah . Dene, latar utawi setting inggih menika kahanan ingkang kadadosan ing sakiwa tengenipun proses pasinaon, papan anggenipun siswa nampi piweling Januszewski, 2001:84. Lingkungan wonten ing teges menika saged kaperang dados kalih, inggih menika lingkungan fisik saha lingkungan boten fisik . Tuladhanipun lingkungan fisik , kados ta gedhung sekolah, perpustakaan, laboratorium, aula, lapangan. Lingkungan non-fisik , kados ta tata ruangan pasinaon, ventilasi angin, kahanan alam, kahanan ing lingkungan pasinaon ingkang saged nyengkuyung lampahing pasinaon menapa boten. Permana 2009:6 ngandharaken bilih paedahing sumber pasinaon ing saben lampahing proses pasinaon ing antawisipun inggih kados mekaten: a. ngindhakaken produktivitas lampahing pasinaon kanthi cara: a lampahing pasinaon dipundamel langkung cepet satemah saged mbiyantu guru kangge ngginakaken wekdal kanthi langkung sae saha b ngirangi tanggunganipun guru nalika ngandharaken seserepan bab materi, satemah wekdalipun saged langkung kathah kangge ndhidhik saha paring motivasi dhateng siswanipun. b. ngirangi lampahing pasinaon ingkang langkung nengenaken ego pribadi kanthi cara: a kapribadenipun guru ingkang kaku saha tradhisional dipunkirangi; saha b paring kalodhangan dhateng siswa supados saged langkung ngrembaka jumbuh kaliyan kaprigelanipun piyambak. c. paring dhasar pasinaon ingkang langkung ilmiah kanthi cara: a ngrantam program pasinaon kanthi sistematis ; saha b ngrembakakaken bahan pasinaon adhedhasar panaliten ingkang sampun dipunlampahi. d. damel lampahing pasinaon kraos langkung mantep kanthi cara: a ngindhakaken kawontenanipun sumber pasinaon; b ngandharaken wosing pamulangan saha bahan pasinaon kanthi langkung cetha malih. e. saged ngandharaken materi pasinaon ingkang langkung wiyar tanpa kawates papan saha wekdal. 3. Media Pasinaon a. Pangertosan Media Pasinaon Media Arsyad, 2006:3 maujud saking basa latin medias ingkang ateges “tengah, lantaran, utawi bebuka”. AECT Association of Education and Communication Technology wonten ing Usman, dkk, 2002:1 paring watesan bab media minangka sedaya wujud sesambungan ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken seserepan menapa kemawon. Media pendidikan sejatosipun menika sarana ingkang dipunginakaken wonten ing proses pasinaon kangge nggayuh ancasing pendidikan. Media pendidikan ingkang dipunginakaken kangge ngawontenaken komunikasi saha interaksi guru lan siswanipun nalika proses