Tahap IV. Pambijining Tata Lampahing

2. Jinising

Data Data ingkang dipunasilaken wonten ing panaliten menika ing antawisipun inggih kados mekaten. a. Data Kualitatif Data kualitatif wonten ing panaliten menika arupi lampahing proses pangrembakaning produk Kamus Elektronik Basa Jawi ingkang dipuntindakaken jumbuh kaliyan tata lampahing panaliten saking tahap I, II, III, IV. Kejawi saking menika data kualitatif ugi dipunasilaken saking andharan saben indikator ingkang kaserat wonten ing angket pambijining kualitas produk kalebet ugi asiling pamanggihpanyaruwe saking ahli materi, ahli media , guru basa Jawi, saha siswa ingkang kaserat wonten ing lembar pamanggihpanyaruwe. b. Data Kuantitatif Data kuantitatif wonten ing panaliten menika arupi biji data kualitas produk Kamus Elektronik Basa Jawi ingkang sampun dipunewah-ewahi wujudipun. Biji angket ingkang aslinipun taksih arupi andharan sae sanget SS, sae S, cekap C, kirang K, saha kirang sanget KS dipunewah-ewahi wonten ing wujud angka 5, 4, 3, 2, 1 menawi dipunurutaken saking andharan paling positif dumugi andharan paling negatif. Dados, andharan sae sanget SS pikantuk biji 5, sae S pikantuk biji 4, cekap C pikantuk 3, kirang K pikantuk biji 2, saha kirang sanget KS pikantuk biji 1. Data menika dipunpendhet saking pambijinipun ahli media, ahli materi , 1 guru basa Jawi SMPMTS , saha siswa kelas 8D SMP N 1 Mungkid.

3. Pirantining

Ngempalaken Data Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data kaperang kados mekaten. a. Data Kualitatif Tata lampahing pangrembakanipun produk saking tahap I, II, III saged dipunandharaken kanthi wujud deskriptif satemah boten betahaken pirantos kangge ngempalaken data . Ewadene semanten, wonten ing tahap kaping IV dipunasilaken data I, II, saha III ingkang mbetahaken pirantining panaliten kangge mbiji produk arupi: 1 lembar pamanggih saha panyaruwe kangge ahli media kaliyan lembar pamanggih saha panyaruwe ahli materi supados pikantuk data kaping I. 2 lembar pamanggih saha panyaruwe kangge reviewer guru basa Jawi SMPMTS supados pikantuk data kaping II. 3 lembar pamanggih saha panyaruwe kangge siswa supados pikantuk data kaping III. b. Data Kuantitatif Pirantining panaliten kangge ngasilaken data kuantitatif arupi angket , ing antawisipun inggih menika kados makaten: 1 piranti pambijining kualitas Kamus Elektronik Basa Jawi kangge ahli media saking aspek tampilan saha pemrograman. 2 piranti pambijining kualitas Kamus Elektronik Basa Jawi kangge ahli materi saking aspek materi pasinaon, basanipun, saha leresipun isi. 3 piranti pambijining kualitas Kamus Elektronik Basa Jawi kangge guru basa Jawi SMPMTS saking aspek materi pasinaon saha tampilan . 4 piranti biji pamanggihipun siswa bab Kamus Elektronik Basa Jawi kangge siswa SMPMTS saking aspek media pasinaon saha materi pasinaon. Kisi-kisi pirantining mbiji kualitas produk kangge ahli media pasinaon, ahli materi, guru basa Jawi SMPMTS, saha siswa SMP kelas VIII saged dipuntingali wonten ing tabel 2, tabel 3, tabel 4, saha tabel 5. Tabel 2: Kisi-Kisi Pirantining Panaliten kangge Ahli Media Pasinaon NO ASPEK INGKANG DIPUNBIJI INDIKATOR NO. BUTIR 1. Tampilan a. Cetha pitedahipun b. Cetha seratanipun c. Cetha swantenipun d. Trep pamilihipun gambar e. Trep pamilihipun warna f. Trep anggenipun mapanaken tombol g. Anggenipun nedahaken animasi 1 2 3 4 5 6 7 2. Pemrograman a. Gampil dipunginakaken b. Cetha navigasi nipun c. Cetha keliripun d. Trep seratanipun e. Cepet anggenipun dipunginakaken f. Tampilan ipun saged narik kawigatosan 8 9 10 11 12 13