C. Tata Lampahing
Panaliten 1.
Tahap I.
Observasi
a.
Observasi kurikulum
, inggih menika ningali kadospundi
kurikulum
pamulangan basa Jawi ingkang dipunginakaken sekolah mliginipun wonten ing SMP N 1 Mungkid lajeng nemtokaken
kurikulum
menapa ingkang badhe dipunginakaken kangge damel materi.
Kurikulum
wonten ing mriki dipunwatesi malih saking
silabus
ipun, inggih menika ngginakaken
silabus
basa Jawi kelas 8 semester ganjil. b.
Observasi sasaran
, inggih menika ningali lajeng nemtokaken sinten
sasaran
ingkang badhe ngginakaken asiling
produk
. Wonten ing mriki siswa SMPMTS mliginipun siswa kelas 8 ingkang dados
sasaran
-ipun. c.
Observasi
kabetahan, inggih menika ningali lajeng nemtokaken kadospundi wujud
produk
ingkang badhe dipunrembakakaken adhedhasar kajian dhateng kamus cithak basa Jawi saha buku ajar basa Jawi, sae menika
ingkang mratah
wonten ing
masarakat menapa
dene ingkang
dipunginakaken dening siswa ing sekolah.
2. Tahap II. Damel Rantamaning Panaliten
a. Nemtokaken materi wulangan basa Jawi siswa SMP kelas 8
semester
ganjil
.
Caranipun kanthi madosi tetembungan ingkang angel dipunpadosi tegesipun ing salebetipun materi pasinaon basa Jawi kelas 8. Data tetembungan
menika samangke ingkang badhe dipunlebetaken wonten ing kamus
elektronik
basa Jawi minangka
entri data
.
b. Ngempalaken sumber rujukan
,
inggih menika ngempalaken
data
saking maneka warni sumber ingkang gayut kaliyan materi pasinaon basa Jawi
kelas 8
semester
ganjil, kados ta buku ajar basa Jawi, Lembar Kegiatan Siswa LKS saha Baousastra Djawa.
c. Damel
kisi-kisi
pirantining panaliten, kanthi cara maos tuladha
kisi-kisi
pirantining panaliten adhedhasar buku pedoman ingkang wonten.
Salajengipun, ngrembakakaken tuladha
kisi-kisi
kala wau dados pirantining panaliten jumbuh kaliyan jinising panaliten ingkang dipuntindakaken.
d. Nemtokaken
ahli media
saha
ahli materi
, inggih menika 1 dosen ahli materi saha 1 dosen ahli media kangge mbiji asiling
produk
tahap kaping sepisan dumugi tahap kaping III.
e. Nemtokaken kelas kangge
uji coba
, inggih menika setunggal kelas 8 SMP N 1 Mungkid saha 1 guru basa Jawi SMPMTS kangge mbiji asiling
produk
wonten ing
tahap ujicoba
winates.
3. Tahap III. Damel
Produk
a. Damel
draf
kamus
elektronik
basa Jawi ingkang kaping sepisan kanthi wujud
file word
mawi program
Microsoft Office Word 2013.
b. Damel
draf
kamus
elektronik
basa Jawi ingkang kaping kalih ngginakaken program
Visual Basic 6.0
saha
Microsoft Access 2007.
c. Konsultasi
draf
kamus
elektronik
basa Jawi ingkang kaping kalih dhateng dosen pembimbing satemah saged mujudaken
produk
wiwitan kamus
elektronik
basa Jawi ingkang kaping sepisan.
d. Mujudaken
produk
wiwitan kamus
elektronik
basa Jawi ingkang kaping sepisan ingkang samangke badhe dipunbiji dening
validator ahli materi
saha
ahli media
. e.
Validasi
pirantining panaliten dening dosen pembimbing.
4. Tahap IV. Pambijining
Produk
a. Pambijining
produk
tahap I dening dosen
ahli media
saha
ahli materi
dhateng
produk
wiwitan Kamus
Elektronik
Basa Jawi, satemah saged pikantuk
data
kaping sepisan arupi
data kuantitatif
saha
data kualitatif.
b. Ewah-ewahan kaping I adhedhasar
data kualitatif
kaping I saking asil pamrayoginipun
validator ahli materi
saha
ahli media.
Asilipun arupi
produk revisi
I Kamus
Elektronik
Basa Jawi. c.
Pambijining
produk
tahap II dening dosen
ahli media
saha
ahli materi
dhateng
produk revisi
I Kamus
Elektronik
Basa Jawi, satemah saged pikantuk
data
kaping kalih arupi
data kuantitatif
saha
data kualitatif.
d. Ewah-ewahan kaping II adhedhasar
data kualitatif
kaping I saking asil pamrayoginipun
validator ahli materi
saha
ahli media.
Asilipun arupi
produk revisi
II Kamus
Elektronik
Basa Jawi. e.
Pambijining
produk
tahap III dening dosen
ahli media
saha
ahli materi
dhateng
produk revisi
II Kamus
Elektronik
Basa Jawi, satemah saged pikantuk
data
kaping tiga arupi
data kuantitatif
saha
data kualitatif
saha ngasilaken
produk
kamus
elektronik
basa Jawi kangge
ujicoba
winates.