Watesaning Prakawis Wosing Prakawis

Woolfolk 2004: 198 ngandharaken bilih “ Learning occurs when experience causes a relatively permanent change in an individual’s knowledge and behavior ”. Sinau menika saged kadadosan manawi wonten satunggaling lelampahan ingkang saged paring ewah-ewahan tumrap kawruh saha tindak- tandukipun satunggaling priyantun. Sinau menika sanes apalan ananging satunggaling lelampahan ingkang saged ketingal asilipun. Sudjana, 2004:28 ugi ngandharaken bilih sinau menika satunggaling pawiyatan ingkang dipunpratandhani wontenipun ewah-ewahan ing pribadinipun saben tiyang. Ewah- ewahan ingkang minangka asiling pasinaon saged dipuntedahaken wonten ing maneka warni wujud, kados ta ngalami ewah-ewahan saking wiyaring seserepan, gadhah solah bawa saha tindak tanduk ingkang langkung sae, kaprigelanipun sansaya kathah, lantiping kawruh, lan sapanunggalanipun. Awit saking mekaten, sinau menika minangka satunggaling tumindak ingkang boten badhe uwal saking gesang kita. Miturut Darsono, dkk 2000:4 salah satunggaling pratandha ingkang nedahaken bilih tiyang menika sampun sinau kanthi wontenipun ewah-ewahan saking tindak-tanduk, seserepan saha kaprigelanipun. Ewah-ewahan menika saged kadadosan kanthi dipunjarag menapa boten, saged ewah dados langkung sae ananging saged ugi langkung awon. Supados lampahing sinau menika saged gadhah kualitas ingkang sae, mila asiling ewah-ewahan kedah saged miyaraken seserepan saha interaksi ing antawisipun tiyang ingkang nembe sinau kaliyan lingkungan sakiwa tengenipun.

2. Sumbering Pasinaon

Miturut AECT Association for Educational Communication and Technology wonten ing Usman, dkk, 2002:1 sumber pasinaon inggih menika sedaya sumber saged arupi data, tiyang utawi bandha ingkang saged dipunginakaken kangge paring sarana pasinaon dhateng siswa. Sumber pasinaon ugi kalebet samubarang prakawis ingkang saged dipunginakaken dening guru, saking ingkang awujud bandha menapa sanesipun kangge nggayuh ancasing pasinaon. Sarujuk kaliyan pamanggihipun AECT, Mudhofir 1992:17 ugi ngandharaken bilih sumber pasinaon menika samubarang prakawis ingkang nyengkuyung lampahing pasinaon, kalebet ugi sistem pelayanan , bahan ing salebeting pasinaon, saha lingkungan sakiwa tengenipun satemah saged nggampilaken siswa kangge nggayuh ancasing pasinaon utawi kompetensi tartamtu. Wonten saperangan komponen ingkang kawrat wonten ing sumber pasinaon, ing antawisipun tiyang, pesenpiweling, bahan, lingkungan, alat, saha teknik. Sedaya komponen kasebut temtu badhe dipunpanggihaken wonten ing saben lampahing pasinaon. Miturut Sudjana Rivai 2002:21-25, pamilihing sumber pasinaon saged adhedhasar kalih titikan, inggih menika titikan umum saha titikanipun sumber pasinaon adhedhasar ancasipun. a. Titikan umum Titikan umum minangka ukuran dhasar kangge milih maneka warni sumber pasinaon, ing antawisipun mirah, praktis saha prasaja, gampil dipunpanggihaken, fleksibel , komponen ipun jumbuh kaliyan ancasing pasinaon.