Kamus Minangka Sumber Pasinaon

ingkang kompleks. Aplikasi ingkang dipundamel samangke saged dipunginakaken kangge kabetahanipun pribadi menapa dene kabetahanipun perusahaaninstansi kanthi sistem ingkang langkung ageng. Visual minangka basa pemrograman kangge damel maneka warni desain kanthi model GUI Graphical User Interface . Cara ngginakaken program menika ugi gampil, kanthi nglebetaken sekedhik kode program kemawon, tiyang ingkang damel sampun saged damel program kanthi tampilan ingkang sae. Basic nedahaken basa pemrograman BASIC ingkang radi gampil dipunsinaoni. Visual Basic dipunrembakakaken saking basa BASIC dipuntambah atusan prentah tambahan, function, keyword, saha kathah gegayutanipun kaliyan GUI Windows . Visual Basic gadhah orientasi dhateng objek Object Oriented Programming OOP ingkang gampil sanget dipunginakaken Sunyoto, 2007:1. Wonten ing pemrograman visual , pangrembakanipun program dipunwiwiti kanthi langkung rumiyin damel user interface , lajeng ngatur properties saking objek- objek ingkang dipunginakaken wonten ing user interface . Menawi sampun nembe dipunlebetaken kode program kangge damel saben prastawa event . Tahap pangrembakaning aplikasi ingkang kados menika asring dipunsebat mawi pendekatan Bottom Up . Visual Basic ugi minangka salah satunggaling basa pemrograman komputer ingkang asipat even driven Sunyoto, 2007:5. Wonten ing pemrograman tradhisional utawi “ procedural ”, aplikasi menika badhe dipuntindakaken kanthi urut. Eksekusi kangge nindakaken program dipunwiwiti saking larik sepisan dumugi larik salajengipun saha badhe mroses prosedur namung ingkang dipunbetahaken kemawon. Visual Basic gadhah jinis Integrated Development Environment IDE visual kangge damel aplikasi kanthi basis sistem operasi Microsoft Windows saha kanthi ngginakaken model pemrograman Commont Object Model COM Sunyoto, 2007:5. IDE menika minangka fasilitas pengembangan kangge ndamel aplikasi mawi Visual Basic . Visual Basic kalebet salah satunggaling Development Tool inggih menika sawijining pirantos pambiyantu kangge damel maneka warni program komputer, mliginipun ingkang ngginakaken sistem operasi windows Sunyoto, 2007:6. Salah satunggaling fasilitas ingkang dipunsamektakaken ing tool menika inggih menika database kangge nyengkuyung menawi badhe damel aplikasi mawi Visual Basic. Basa pemrograman Visual Basic 6.0 saged dipunginakaken kangge ngrantam saha damel program aplikasi wonten ing sistem operasi windows . Program aplikasi ingkang saged dipunginakaken ing salebetipun arupi program database, program grafis , lan sapanunggalanipun Koswara, 2011:2. Ing salebeting Visual Basic 6.0 wonten saperangan komponen ingkang sanget paring pambiyantu satemah saged nggampilaken user kangge damel satunggaling program aplikasi . Anggenipun badhe damel program aplikasi mawi Visual Basic 6.0 saged ugi dipunbiyantu mawi software sanesipun, kados ta Microsoft Access, Microsoft Excel, Seagate Crystal Report . Saderengipun damel satunggaling program aplikasi mawi Visual Basic 6.0 , user kedahipun langkung rumiyin mangertos bab fasilitas-fasilitas menapa kemawon ingkang dipunsamektakaken satemah lampahing proses nalika damel program saged lumampah kanthi lancar. b. Microsoft Access Microsoft Access inggih menika program database ingkang pinunjul saking Microsoft Office dipunginakaken kangge sarana pambiyantu user ingkang boten mangertos bab pemrograman database. Microsof Access piyambak sampun nyamektakaken maneka warni fasilitas kangge nyengkuyung lampahing user ngginakaken program menika. Fasilitas ingkang wonten ing Microsoft Access kados ta Wizard kangge damel tabel, query, form, report saha page Koswara, 2011:3. Microsoft Access ugi saged ngewrat setunggal utawi langkung tabel, query, form, report, page, macro, saha module. Satunggaling database boten kedah ngewrat sedaya perangan kala wau, ananging menawi wonten satunggaling pihak ingkang betahaken database ingkang ageng kangge nyimpen atusan tabel, form, menapa dene objek sanesipun tetep saged ngginakaken Microsoft Access. Tabel ingkang dipundamel samangke arupi matriks saking item-item data wonten ing wujud larik saha kolom Koswara, 2011:4. Matriks menika wujudipun kados kolom saha larik ingkang kawrat wonten ing Microsoft Excel ingkang cacahipun boten winates. Saben matriks menika saged dipunisi kangge nyerat saben item data ingkang dipunkersakaken dipunjumbuhaken kaliyan aplikasi ingkang badhe dipundamel.

B. Panaliten ingkang Jumbuh

Panaliten ingkang jumbuh kaliyan panaliten kamus elektronik basa Jawi ingkang badhe dipundamel inggih menika panalitenipun Kurnia Nurfitria 2012 kanthi irah-irahan Pengembangan Kamus Elektronik Kimia Materi Asam Basa