Nalaring Panaliten GEGARAN TEORI

BAB III CARA PANALITEN

A. Desain Panaliten Panaliten menika kalebet jinising panaliten Research and Development . Panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten kanthi model deskriptif prosedural , inggih menika model panaliten ingkang sipatipun deskriptif. Cara prosedural kalaksanan kanthi nglampahi cara-cara tartamtu satemah saged ngasilaken satunggaling produk saha nguji efektif- ipun produk kasebut. Panaliten ingkang dipunkajengaken menika kanthi cara ngempalaken data saha informasi sakatah-katahipun kangge ndamel media piwulangan kanthi wujud aplikasi Adobe Flash . Media ingkang dipundamel menika dipunsuwunaken pirsa kaliyan dosen pembimbing, dosen ahli materi, saha dosen ahli media satemah saged dados media ingkang saged dipunginakaken wonten ing piwulangan basa jawi mliginipun pasinaon nyemak geguritan. B. Prosedur Damel Media Piwulangan Miturut pamanggihipun Padmo 2009: 418 – 423, prosedur damel media wonten ing panaliten menika wonten tataranipun, inggih menika : 1 tataran analisis, 2 tataran damel desain media , 3 tataran damel media piwulangan, 4 tataran validasi saha ujicoba media , saha 5 tataran pungkasaning media . 1. Tataran Analisis Wonten ing tataran analisis menika kaperang dados kalih, inggih menika analisis kurikulum saha analisis kawontenan siswa. Saderengipun nemtokaken materi, pangripta kedah maos kurikulum ingkang dipunginakaken wonten ing pawiyatan. Sasampunipun nganalisis kurikulum, pangripta lajeng nganalisis kawontenan siswanipun. Analisis kawontenan siswa menika dipundadosaken dhasar kangge ndamel materi piwulangan saha tampilan ipun media piwulangan. 2. Tataran Damel Desain Media Sasampunipun analisis kurikulum, salajengipun inggih menika pangripta kedah damel desain media ingkang badhe dipundamel. Wonten ing bab menika, pangripta damel desain materi piwulangan saha desain evaluasi ingkang dipunginakaken wonten ing media piwulangan. 3. Tataran Damel Media Piwulangan Salajengipun inggih menika damel media piwulanganipun. Cara damel media dipunlampahi kanthi damel flowchart . Flowchart inggih menika diagram alur anggenipun damel media . Salajengipun flowchart menika dipundamel dados naskah media piwulangan. Adhedhasar naskah media piwulangan menika, lajeng dipundamel media mawi aplikasi Adobe Flash CS5. Media lajeng dipundadosaken kanthi wujud CD Compact Disk . 4. Tataran Validasi saha Ujicoba Media Sasampunipun media dados saha sampun awujud CD Compact Disk interaktif piwulangan, salajengipun inggih menika tataran validasi . Validasi dipunlampahi dening tigang ahli, inggih menika saking dosen ahli materi, dosen ahli media , saha guru basa Jawi. Dosen ahli materi maringi biji babagan materi ingkang wonten ing salebeting media , dosen ahli media maringi biji ingkang gayut kaliyan tampilan media , saha guru basa Jawi ingkang maringi biji sareng kaliyan ujicoba media piwulangan. 5. Tataran Pungkasaning Media Ingkang kalampahan wonten ing tataran pungkasaning media inggih menika evaluasi . Sasampunipun dipunlampahi validasi saha ujicoba , media piwulangan dipundandosi kanthi njumbuhaken kaliyan asiling evaluasi . Sasampunipun dipundandosi, media ingkang dipundamel wonten ing Compact Disk CD sampun saged dipunginakaken.