Geguritan Panaliten ingkang Jumbuh

Panaliten sanesipun ingkang jumbuh kaliyan panaliten menika inggih menika panalitenipun Iqlima Septy Rismawati wonten ing warsa 2014 kanthi irah- irahan “Damel Media Pasinaon Interaktif Nyemak Legenda Rakyat Jawi Kanthi Aplikasi Adobe Flash CS5 Professional Tumrap Siswa SMA Kelas X”. Panaliten ingkang jumbuh kaliyan panalitenipun Iqlima Septy Rismawati menika sami-sami ngginakaken metode Research and Development RD. Kajawi saking menika, kekalih panaliten menika ugi ngginakaken aplikasi Adobe Flash CS5 Professional. Bedanipun inggih menika wonten ing materi. Materi ingkang wonten ing panalitenipun Iqlima Septy Rismawati inggih menika nyemak legenda rakyat Jawi. Asiling panaliten kualitas media ingkang karipta dening Iqlima Septy Rismawati nedahaken bilih: 1 pambiji kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk rata-rata persentase 90 ingkang kagolong kategori sae sanget, 2 pambiji saking dosen ahli media pikantuk rata-rata persentase 87 ingkang kagolong kategori sae sanget, 3 pambiji saking guru basa Jawi pikantuk rata-rata persentase 96 ingkang kagolong kategori sae sanget, saha 4 angket pamanggih siswa pikantuk biji rata-rata persentase 86 ingkang kagolong kategori sarujuk sanget. Saking sedayanipun, panalitenipun Iqlima Septy Rismawati pikantuk biji 90 ingkang kagolong kategori sae sanget.

E. Nalaring Panaliten

Geguritan menika kalebet salah satunggaling materi wonten ing mata pelajaran basa Jawi ingkang kedah dipunsinau dening para siswa SMP kelas VII, mliginipun wonten ing kaprigelan nyemak. Piwulangan nyemak geguritan boten gampil. Panganggening basa wonten ing geguritan dados pepalang tumrap siswa kangge negesi tetembunganipun. Perkawis menika ndadosaken siswa kangelan mangertosi wosing geguritan. Pramila dipunbetahaken variasi media piwulangan ingkang saged narik kawigatosan siswa, satemah siswa saged remen anggenipun sinau geguritan. Media piwulangan ingkang dipunginakaken ugi kedah dipunjangkepi kaliyan tuladha-tuladha saha glosarium . Kanthi makaten, siswa saged mangertosi wosing geguritan kanthi gampil. Kajawi saking menika, panganggening media piwulangan ugi saged biyantu guru ngandharaken materi nyemak geguritan. Siswa ugi saged sinau piyambak wonten ing griya ngginakaken media piwulangan menika. Media piwulangan menika saged awujud komputer, LCD Proyektor, Tape Recorder, lan sapanunggalanipun. Kajawi saking menika, ugi saged damel media piwulangan piyambak gumantung kabetahanipun. Wonten ing panaliten menika, media piwulangan ingkang badhe dipundamel inggih menika media piwulangan nyemak geguritan awujud CD piwulangan ngginakaken aplikasi Adobe Flash CS5 Professional . Media piwulangan ingkang kadamel menika dipunajab saged damel proses piwulangan kanthi materi nyemak geguritan langkung efektif saha efisien , sarta saged narik kawigatosan siswa nalika sinau geguritan. Satemah ancasing piwulangan menika saged dipungayuh dening guru lan siswa.

BAB III CARA PANALITEN

A. Desain Panaliten Panaliten menika kalebet jinising panaliten Research and Development . Panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten kanthi model deskriptif prosedural , inggih menika model panaliten ingkang sipatipun deskriptif. Cara prosedural kalaksanan kanthi nglampahi cara-cara tartamtu satemah saged ngasilaken satunggaling produk saha nguji efektif- ipun produk kasebut. Panaliten ingkang dipunkajengaken menika kanthi cara ngempalaken data saha informasi sakatah-katahipun kangge ndamel media piwulangan kanthi wujud aplikasi Adobe Flash . Media ingkang dipundamel menika dipunsuwunaken pirsa kaliyan dosen pembimbing, dosen ahli materi, saha dosen ahli media satemah saged dados media ingkang saged dipunginakaken wonten ing piwulangan basa jawi mliginipun pasinaon nyemak geguritan. B. Prosedur Damel Media Piwulangan Miturut pamanggihipun Padmo 2009: 418 – 423, prosedur damel media wonten ing panaliten menika wonten tataranipun, inggih menika : 1 tataran analisis, 2 tataran damel desain media , 3 tataran damel media piwulangan, 4 tataran validasi saha ujicoba media , saha 5 tataran pungkasaning media . 1. Tataran Analisis Wonten ing tataran analisis menika kaperang dados kalih, inggih menika analisis kurikulum saha analisis kawontenan siswa. Saderengipun nemtokaken