Ngewahi Biji Caranipun Nganalisis Data

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

1. Tahap Damel Media Anggenipun damel media piwulangan menika kedah nggatosaken tahap- tahap ingkang sampun dipuntemtokaken. Tahap-tahap menika dipunlampahi kanthi urut wiwit saking 1 tahap nganalisis, 2 tahap damel desain media , 3 tahap damel media , 4 tahap validasi saha ujicoba media , saha 5 asiling tampilan ipun media . Tahap damel media dipunandharaken kados ing ngandhap menika. a. Tahap Nganalisis Tahap analisis minangka tahap wiwitan ingkang dipuntindakaken saderengipun produk dipundamel. Tahap analisis menika kaperang dados kalih, inggih menika analisis kurikulum saha analisis kawontenan siswa SMPN 2 Depok. Wonten ing perangan analisis kurikulum , panaliti maos saha mangertosi kurikulum ingkang dipunginakaken wonten ing piwulangan basa Jawi ing sekolah kasebut. Panaliti kedah nggatosaken kompetensi inti saha kompetensi dasar wonten ing kurikulum. Adhedhasar saking kurikulum 2013 Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta semester genep, kompetensi inti ingkang dipuntemtokaken inggih menika “ memahami pengetahuan faktual, konseptual, dan prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian tampak mata” saha kompetensi dasar “memahami geguritan”. Salajengipun kadamel indikator ing kang jumbuh kaliyan kompetensi kalawau. Indikator ingkang dipundamel kangge nggayuh kompetensi inggih menika: 1 siswa saged manggihaken unsur-unsur pembangun geguritan, 2 siswa saged ngandharaken piwulang moral utawi budi pakarti wonten geguritan Lola, Piweling, Bektiku Kagem Biyung, Narkoba, saha Wutah Getihku, 3 siswa saged ngandharaken wosing geguritan Lola, Piweling, Bektiku Kagem Biyung, Narkoba, saha Wutah Getihku. Salajengipun kurikulum menika dipuncermati, lajeng panaliti nindakaken observasi dhateng kawontenan siswa SMPN 2 Depok. Saking asiling pengamatan panaliti dhateng kawontenan siswa kasebut, katingal wonten pinten-pinten perkawis ingkang tuwuh nalika piwulangan. Perkawis-perkawis ingkang tuwuh inggih menika siswa ngraosaken angel anggenipun nyinaoni materi geguritan saha dereng wontenipun media piwulangan ingkang mbiyantu guru ngandharaken materi sarta mbiyantu siswa nyinau materi geguritan kanthi gampil. Adhedhasar perkawis menika, salajengipun panaliti rembagan kaliyan guru basa Jawi bilih badhe kadamel media piwulangan nyemak geguritan ingkang awujud CD Compact Disk ngginakaken program Adobe Flash CS5. Media menika saged dipunginakaken minangka media alternatif wonten ing proses piwulangan nyemak geguritan ugi saged dipunginakaken siswa piyambak wonten ing griya. b. Tahap Damel Desain Media Tahap damel desain media inggih menika dipunwiwiti kanthi damel desain produk media piwulangan. Wonten tahap menika, panaliti nemtokaken desain produk kanthi damel flowchart . Flowchart inggih menika diagram alur