Nganalisis Caranipun Nganalisis Data

Indikator ingkang dipundamel kangge nggayuh kompetensi inggih menika: 1 siswa saged manggihaken unsur-unsur pembangun geguritan, 2 siswa saged ngandharaken piwulang moral utawi budi pakarti wonten geguritan Lola, Piweling, Bektiku Kagem Biyung, Narkoba, saha Wutah Getihku, 3 siswa saged ngandharaken wosing geguritan Lola, Piweling, Bektiku Kagem Biyung, Narkoba, saha Wutah Getihku. Salajengipun kurikulum menika dipuncermati, lajeng panaliti nindakaken observasi dhateng kawontenan siswa SMPN 2 Depok. Saking asiling pengamatan panaliti dhateng kawontenan siswa kasebut, katingal wonten pinten-pinten perkawis ingkang tuwuh nalika piwulangan. Perkawis-perkawis ingkang tuwuh inggih menika siswa ngraosaken angel anggenipun nyinaoni materi geguritan saha dereng wontenipun media piwulangan ingkang mbiyantu guru ngandharaken materi sarta mbiyantu siswa nyinau materi geguritan kanthi gampil. Adhedhasar perkawis menika, salajengipun panaliti rembagan kaliyan guru basa Jawi bilih badhe kadamel media piwulangan nyemak geguritan ingkang awujud CD Compact Disk ngginakaken program Adobe Flash CS5. Media menika saged dipunginakaken minangka media alternatif wonten ing proses piwulangan nyemak geguritan ugi saged dipunginakaken siswa piyambak wonten ing griya. b. Tahap Damel Desain Media Tahap damel desain media inggih menika dipunwiwiti kanthi damel desain produk media piwulangan. Wonten tahap menika, panaliti nemtokaken desain produk kanthi damel flowchart . Flowchart inggih menika diagram alur kangge nggampilaken nalika damel rancangan program media piwulangan. Salajengipun panaliti ngempalaken sumber-sumber pustaka ingkang badhe dipundamel referensi kangge materi nyemak geguritan. Sasampunipun materi dipunkempalaken, panaliti lajeng nemtokaken wujuding materi saha evaluasi -nipun. Materi dipunperang dados sekawan sub materi, inggih menika video geguritan, pangertosan geguritan, titikanipun geguritan, sarta unsur-unsur pembangun geguritan. Wondene evaluasi dipunperang dados kalih, inggih menika evaluasi I ingkang ngengingi materi nyemak geguritan sarta evaluasi II ingkang ngengingi video geguritan. Evaluasi dipundamel kanthi wujud pilihan ganda . Video geguritan ingkang dipunginakaken menika dipun rekam piyambak. Ingkang maos inggih menika sedherek Kinanti Kusuma Ningrum. Piyambakipun minangka alumni mahasiswa program studi Pendidikan Bahasa Jawi UNY ingkang sampun asring maos geguritan wonten ing adicara-adicara. Salajengipun, materi ingkang sampun dipunkempalaken dipunwujudaken dados naskah media piwulangan jumbuh kaliyan flowchart ingkang dipundamel. Naskah media piwulangan menika ngewrat wedharan pambuka media , pitedah panganggening media , kompetensi , materi nyemak geguritan, gladhen, glosarium , kapustakan, profil , saha panutup media c. Tahap Damel Media Adhedhasar naskah media piwulangan ingkang dipundamel, salajengipun damel media piwulangan nyemak geguritan kanthi program Adobe Flash CS5 . Tahap damel media dipunwiwiti kanthi cara damel layout saha background