TANGGAL TES Pedoman Penilaian:

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN Sekolah : SMP Negeri 1 Ngemplak Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas Semester : VIII 1 Standar Kompetensi : Memahami wacana tulis sastra dalam kerangka budaya Jawa. Kompetensi Dasar : Membaca geguritan Indikator : 1. Menjelaskan arti kata-kata sulit dalam geguritan. K 2. Menyebutkan isi geguritan. A 3. Menyebutkan nilai-nilai didaktik dalam teks geguritan. A 4. Membaca geguritan dengan wicara, wirama, wirasa dan wiraga. P Alokasi Waktu : 2 x 40menit 2 jam pembelajaran

1. Tujuan Pembelajaran :

1. Siswa dapat menjelaskan arti kata-kata sulit dalam geguritan dengan tepat. 2. Siswa dapat menyebutkan isi geguritan dengan tepat. 3. Siswa dapat menyebutkan nilai-nilai didaktik dalam teks geguritan 4. Siswa dapat membaca geguritan dengan wicara, wirama, wirasa dan wiraga dengan tepat.

2. Materi Pembelajaran

Tembung geguritan wonten ing kamus Bausastra, asalipun saking tembung “gurit” ingkang ateges seratan, kidung. Geguritan ateges tembang uran-uran mung awujud purwakanthi Baoesastra Jawa, 1939: 157. Wonten Kamus Umum Indonesia dipunandharaken bilih geguritan asalipun saking tembung “gurit” ingkang ateges sajak utawi syair Poerwadaminta, 1986: 161. Wonten ing Kamus Kawi Indonesia, gurit tegesipun goresan, dituliskan. Geguritan saged dipunwastani puiasi bebas, sebab langkung mardika cacahing tembung, larik boten kaiket paugeran tertamtu kados tembang. Sanajan ukaranipun kathah nanging maknanipun kempel, manunggal lan runtut. Nalika maos geguritan kedah nggatosaken wicara, wirama, wirasa, saha wiraga. 1. Wicara basa, pocapan, lafal Nalika maos geguritan , pocapan kedah cetha, boten groyok, blero utawi mangu- mangu ragu-ragu . Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun mbedakaken aksara ao; tth; ddh; è é ê, lsp. 2. Wirama lagu, irama Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudut daya tarik tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kalarasaken kaliyan isinipun geguritan. Geguritan kanthi tema perjuwangan temtu anggenipun maos sora banter, semangat. Beda kaliyan maos geguritan isi kesusahan, kasmaran temtunipun pamaosipun langkung alon, sareh. 3. Wiraga solah bawagerak, lan pasemon Ebahing badan lan pasuryan rai kedah dipungatosaken, kedah luwes ora kaku lan sampun ngantos ketingal kadamel-damel. 4. Wirasa penjiwaan Wirasa kaetrepken kaliyan isining geguritan umpaminipun: nesu, gembira, sisah, kejem, wibawa, getun, lsp. Kawaosa geguritan ing ngandap punika kanthi permati Sih Mbabar kabar ing donya Kang ngganda hawa sengar Isih jembar pangapuraning Gusti Marang mawar kang nungsepke eri kembar Marang amuke segara kang makantar Leganana atimu kang tatu arang kranjang Kuncenana genining ukara saka lathi Yen nrajang sakehing pepalang coban Sihing Hyang Widi bakal paring pepadhang Nalika urubing nepsu Ngglandhang wong kanthi pikiran gothang Sawiji sawi, kawales ing janji pinesthi Griya Gurit_wanci lingsir 3 Januari 2013 Kapetik saking Majalah Djaka Lodhang taun 2013 Kawruh Basa Tembung Tegesipun Sih tresna, katresnan, kawelasan mbabar nggawe dadi akeh, nyebar ngganda Ambu