Pirantining Panaliten Cara Nganalisis Data

amargi kawrat nama tata upacara saha ubarampe upacara penganten gagrag Ngayogyakarta ingkang baken kanthi jangkep.

C. Cara Ngempalaken Data

Cara ngempalaken data dipunwiwiti kanthi maos buku Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta kanthi premati. Nalika maos, panaliti nyukani tandha wonten ing tembung ingkang mujudaken nama-nama tata upacara saha ubarampe upacara penganten gagrag Ngayogyakarta. Nama-nama kasebat dipunpadosi proses pandhapuking. Sasampunipun manggihaken proses pandhapuking, lajeng saged mangertosi makna leksikal saking nama tata upacara saha ubarampe kasebat. Proses pandhapuking nama saha makna leksikal dipunserat wonten ing kertu data. Kertu data dipunginakaken kangge nggampilaken panaliti anggenipun ngempalaken saha mantha-mantha data ingkang sampun dipunpanggihaken.

D. Pirantining Panaliten

Wonten ing panaliten menika ingkang dados pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang dipunbiyantu kaliyan kertu data. Panaliti minangka pirantos utama wonten ing panaliten. Panaliti ingkang manggihaken data saha paring persepsi pangrimbaging proses pandhapuking nama kanthi teori morfologi ingkang salajengipun ngginakaken teori semantik kangge manggihaken makna leksikal. Wondene kertu data dipunginakaken kangge nyerat asiling maos supados gampil anggenipun badhe ngrembag ingkang langkung mligi. Wujuding kertu data kados ing ngandhap menika. Tabel 1. Tuladhanipun Kertu Data Nama Tata Upacara wonten ing Upacara Penganten Gagrag Ngayogyakarta Sumber 21. 3. 6 Data Tembung siraman asale saka tembung siram utawa adus kang mengku teges ngedusi calon manten kang dikantheni sedya utawa niyat ngresiki awak supaya dadi resik lair batine. Nama tata upacara Proses pandhapuking nama siraman ‘upacara ngedusi penganten ’kriya siram ‘adus’kriya -an Makna leksikal Siraman inggih menika upacara ngedusi bakal penganten kekalih ingkang dipuntindakaken dening tiyang sepuh bakal penganten saha para pinisepuh supados resik lair saha batosipun. Katrangan: Sumber : sumbering data miturut kaca, pada, saha larik Data : ukara ingkang kaserat wonten ing buku Nama : kalebet tata upacara utawi ubarampe Proses pandhapuking nama : proses morfologi saking tembung nama tata upacara saha tata cara ingkang ngemu teges Makna leksikal : pangertosan saking nama tata upacara saha tata cara

E. Cara Nganalisis Data

Panaliten menika ngginakaken cara nganalisis data kanthi deskriptif. Miturut Sudaryanto 1988: 62 cara analisis deskriptif inggih menika ngandharaken data-data ingkang dipunpanggihaken kanthi menapa wontenipun. Wondene cak- cakanipun cara nganalisis deskriptif ngginakaken kalih lelampahan. 1. Lelampahan ingkang sepisan inggih menika ingkang sampun dipuntindakaken kawiwitan saking maos buku Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta kanthi premati sinambi suka tandha wonten ing tembung ingkang mujudaken nama-nama tata upacara saha ubarampe upacara penganten gagrag Ngayogyakarta. Nama-nama kasebat dipunpadosi proses pandhapuking saha makna leksikal, lajeng dipunserat wonten ing kertu data. 2. Lelampahan salajengipun inggih menika kanthi kategorisasi saking kertu data ingkang sampun kalampahan. Kategorisasi inggih menika milah data adhedhasar kategori ingkang dipuntliti jumbuh kaliyan wosing prekawis. Kategorisasi wonten ing panaliten menika miturut wujudipun ingkang ngandharaken proses linguistik pandhapuking nama. Saking proses linguistik pandhapuking nama menika ugi dipunandharaken makna leksikal.

F. Validitas saha Reliabilitas Data