Nama Tata Upacara saha Tata Cara Upacara Penganten Gagrag

a. Nama Tata Upacara saha Tata Cara Upacara Penganten Gagrag

Ngayogyakarta ingkang Kalebet Tembung Monomorfemis Tembung ingkang ngandharaken nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing perangan menika wujudipun tembung monomorfemis utawi tembung lingga. Saben nama tata upacara saha tata cara kadadosan saking satunggal tembung utawi satunggal morfem bebas kados ing ngandhap menika. 1 Tarub Tembung tarub kalebet tembung monomorfemis amargi kadadosan saking satunggal morfem bebas inggih menika tarub. Morfem menika awujud BD ingkang saged madeg piyambak minangka tembung, tanpa kedah dipunraketaken kaliyan morfem sanesipun. Tembung tarub menawi madeg piyambak sampun gadhah teges inggih menika payon kajang Poerwadarmita, 1939: 594. 2 Ijab Ijab tegesipun ningkahan prajanjenipun panganten wonten sangajengipun pangulu Poerwadarminta, 1939: 49. Adhedhasar satuan gramatik, tembung ijab kadadosan saking satunggal morfem bebas inggih menika ijab. Morfem menika awujud BD ingkang saged madeg piyambak minangka tembung, tanpa kedah dipunraketaken kaliyan morfem sanesipun. 3 Panggih Tembung panggih kalebet tembung monomorfemis. Tembung panggih sampun ngemu teges piyambak inggih menika dhaup utawi temu Poerwadarminta, 1939: 469. Adhedhasar satuan gramatik, tembung panggih kadadosan saking satunggal morfem bebas inggih menika panggih. Morfem menika awujud BD ingkang saged madeg piyambak minangka tembung, tanpa kedah dipunraketaken kaliyan morfem sanesipun. 4 Ratus Tembung ratus kadadosan saking satunggal tembung saengga kalebet tembung monomorfemis. Katingal saking satuan gramatikipun, tembung ratus menika kadadosan saking morfem bebas ratus. Tembung ratus saged madeg piyambak tanpa kedah dipunraketaken kaliyan morfem sanesipun saha sampun gadhah teges piyambak. Ratus inggih menika campuraning menyan kayu cendhana lsp, kangge dedupa utawi ngukub supados arum Poerwadarminta, 1939: 522. 5 Bokor Bokor inggih menika wadhah cemung ngginakaken sikilan Poerwadarminta, 1939: 56. Tembung bokor menika kalebet tembung monomorfemis amargi kadadosan saking satunggal morfem bebas ingkang sampun gadhah teges piyambak. Morfem menika awujud BD ingkang saged madeg piyambak minangka tembung, tanpa kedah dipunraketaken kaliyan morfem sanesipun.

b. Nama Tata Upacara saha Tata Cara ingkang Kalebet Tembung