Nama Tata Cara ingkang Kalebet

kembar kaliyan tembung mayang dipundadosaken dados satunggal tembung enggal, tegesipun ewah. Kembar mayang tegesipun gagar mayang kanggo sarat penganten ketemu Poerwadarminta, 1939: 206.

c. Nama Tata Cara ingkang Kalebet

Frasa Frasa inggih menika satuan gramatik ingkang kadadosan saking kalih tembung utawi langkung ingkang gadhah sipat nonpredikatif. Nama tata cara ingkang kalebet frasa dipunandharaken kados ing ngandhap menika. 1 Tumpeng robyong Tembung tumpeng robyong kadadosan saking kalih tembung inggih menika tumpeng saha robyong. Kekalih tembung menika saged madeg piyambak tanpa dipunsukani wuwuhan saha sampun gadhah teges piyambak- piyambak. Tumpeng tegesipun sega diwangun pasungan dianggo slametan Poerwadarminta, 1939: 614, dene robyong inggih menika alen-alen gombyok beling lsp dianggo rerenggan ditata pating kranthil Poerwadarminta, 1939: 534. Tembung tumpeng robyong ingkang dados inti frasa inggih menika tumpeng, dados tumpeng robyong inggih menika sekul ingkang wujudipun kados kukusan dipuntancepi lombok palang, tigan, trasi, saha brambang wentah ingkang dipunsukani rerenggan dipuntata pating kranthil kadosta gudhangan saha lawuh kados tempe, ulam, saha iwak. 2 Krambil gadhing Tembung krambil gadhing kadadosan saking kalih tembung inggih menika krambil saha gadhing. Kekalih tembung menika saged madeg piyambak tanpa dipunsukani wuwuhan saha sampun gadhah teges piyambak-piyambak. Krambil tegesipun aran wit sarta wohe dianggo olahan warna-warna Poerwadarminta, 1939: 248, dene gadhing inggih menika aran pring lan krambil sing kulite kuning Poerwadarminta, 1939: 127. Tembung krambil gadhing ingkang dados inti frasa inggih menika krambil, dados krambil gadhing inggih menika klapa ingkang warninipun jene. 3 Kembang setaman Tembung kembang setaman kadadosan saking kalih tembung inggih menika kembang saha setaman. Kekalih tembung menika saged madeg piyambak tanpa dipunsukani wuwuhan saha sampun gadhah teges piyambak- piyambak. Kembang tegesipun bebakaling woh lumrahe mawa lembaran, sungut sari, bakal woh, sarta endah warninipun Poerwadarminta, 1939: 205, dene setaman inggih menika satunggal taman. Tembung kembang setaman ingkang dados inti frasa inggih menika kembang, dados kembang setaman inggih menika kembang campuran warni-warni dianggo sarat misuhi penganten Poerwadarminta, 1939: 206.

2. Tegesing Nama Tata Upacara saha Tata Cara Upacara Penganten Gagrag