Underaning Prekawis Watesaning Prekawis

B. Underaning Prekawis

Adhedhasar dhasaring panaliten ing nginggil, saged dipunandharaken prekawis ingkang saged dipuntliti inggih menika: 1. proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 2. tegesing nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 3. makna saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 4. fungsinipun tata upacara saha tata cara ingkang dipunginakaken wonten upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 5. wujud tata upacara saha tata cara ingkang dipunginakaken wonten upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono.

C. Watesaning Prekawis

Saking underaning prekawis kasebat, boten sedaya badhe dipunrembag ananging panaliten menika dipunwatesi kanthi prekawis kados mekaten: 1. proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 2. tegesing nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 3. makna saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono.

D. Wosing Prekawis