Panaliten ingkang Jumbuh Nalaring Pikir

E. Panaliten ingkang Jumbuh

Panaliten ingkang jumbuh inggih menika panalitenipun Abi Dharma Bakti 2009 kanthi irah-irahan Analisis Morfo-Semantis Nama Peralatan Dapur di Kabupaten Pemalang. Panaliten menika kanthi morfosemantik ngandharaken proses pandhapuking nama piranti pawon mawi morfologi, dene mawi semantik awujud makna leksikal saha panganggening ingkang dipunpendhet saking objek panaliten inggih menika nama-nama piranti pawon wonten ing Kabupaten Pemalang. Panaliten sanesipun ingkang jumbuh inggih menika panaliten saking Rifka Nilasari 2013 kanthi irah-irahan Analisis Morfosemantis Nama-Nama Bangunan di Keraton Surakarta. Panaliten menika ngandharaken gungunging tembung pandhapuk nama-nama bangunan ingkang wonten salebeting Keraton Surakarta morfologi saha makna nama bangunan semantik. Saking kekalih panaliten ing nginggil wonten perangan ingkang sami kaliyan panaliten menika. Katingal saking jinising panaliten ingkang ngginakaken panaliten deskriptif kualitatif. Kajianipun ugi sami ngginakaken analisis bab basa kanthi teori morfologi saha teori semantik. Kejawi wonten ingkang sami, ugi wonten bedanipun. Bedanipun saking objek ingkang dipunginakaken. Kekalih panaliten ing nginggil objekipun nama piranti pawon saha nama bangunan wonten ing Keraton Surakarta, dene panaliten menika upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono.

F. Nalaring Pikir

Panaliten menika kanthi irah-irahan Proses Linguistik saha Makna Nama Tata Upacara saha Tata Cara Upacara Penganten Gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono. Watesaning prekawisipun inggih menika babagan proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara ingkang dipunginakaken wonten ing upacara penganten gagrag Ngayogyakarta, tegesing nama tata upacara saha tata cara ingkang dipunginakaken wonten ing upacara penganten gagrag Ngayogyakarta, saha makna saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta. Tata upacara ngandharaken reroncening upacara wonten salebeting upacara penganten gagrag Ngayogyakarta ingkang dipunjangkepi kaliyan tata cara ingkang nyakup ubarampe saha sajen ingkang dipunginakaken wonten ing saben upacaranipun. Proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara dipuntliti saking segi morfologi saha sintaksis ingkang ngemu teges. Tegesing nama tata upacara saha tata cara menika dipunandharaken kaliyan proses linguistik. Makna saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta dipunandharaken jumbuh kaliyan teori semantik. Maknanipun inggih menika makna leksikal saha makna ingkang gayut kaliyan pagesangan. 26 BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten