Wosing Prekawis Ancasing Panaliten Paedahing Panaliten

1. proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 2. tegesing nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 3. makna saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono.

D. Wosing Prekawis

Miturut dhasaring panaliten saha watesaning prekawis ing nginggil, wosing prekawis kados ing ngandhap menika: 1. kados pundi proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono? 2. kados pundi tegesing nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono? 3. kados pundi makna saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono?

E. Ancasing Panaliten

Adhedhasar wosing prekawis ingkang sampun dipunandharaken, ancasing panaliten inggih menika: 1. ngandharaken proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 2. ngandharaken tegesing nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono; 3. ngandharaken makna saking nama tata upacara saha tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta wonten ing buku “Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta” anggitanipun Dwi Sunar Prasetyono.

F. Paedahing Panaliten

Asiling panaliten menika kaajab saged paring paedah tumrap pamaos saha panyerat. Paedahipun saged kaperang dados paedah praktis saha paedah teoritis. 1. Paedah praktis Panaliten menika gadhah paedah kangge paring seserepan bab nama tata upacara saha tata cara wonten upacara penganten gagrag Ngayogyakarta saking wujud tembung utawi proses linguistik pandhapuking nama ingkang ngawrat teges saha gadhah makna. 2. Paedah teoritis a. kangge mangertosi proses linguistik pandhapuking nama tata upacara saha nama tata cara ingkang dipunginakaken wonten upacara penganten gagrag Ngayogyakarta b. saged nambah seserepan babagan teges saha makna ingkang kawrat wonten salebeting nama tata upacara saha nama tata cara upacara penganten gagrag Ngayogyakarta

G. Pangertosan