Pendekatan Panaliten Data saha Sumber Data Panaliten

tingkat kesensitifan makna-makna simbolik ingkang gayut kaliyan konteks Endraswara, 2003:164. Saking panaliten menika awujud data-data babagan fungsi panganggening maksim kemurahan saha fungsi penyimpangan maksim kemurahan . Salajengipun, data menika dipunrembag kaliyan ahli ingkang nguwaosi bidang kasebat inggih menika dosen pembimbing. Ancasipun inggih menika kangge mangertosi datanipun menika valid menapa boten. Salajengipun Uji Reliabilitas data ingkang dipunginakaken inggih menika uji reliabilitas stabilitas . Kanthi uji reliabilitas stabilitas menika panaliti saged pikantuk data ingkang akurat amargi anggenipun manggihi data panaliti kedah maos kanthi makaping-kaping. Reliabiltas stabilitas dipunpilih supados wekdal wonten panaliten menika langkung efektif, amargi kanthi reliabilitas stabilitas menika sinaosa wekdal anggenipun nliti beda ananging asilipun boten ewah utawi tetep stabil.

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten

Asiling panaliten menika arupi pacelathon ingkang ngginakaken maksim kemurahan saha pacelathon ingkang nyimpang saking maksim kemurahan. Salajengipun pacelathon ingkang ngginakaken saha ingkang nyimpang saking maksim kemurahan menika dipunjumbuhaken kaliyan fungsi basanipun. Satunggal tuturan saked ngawrat langkung saking satunggal fungsi, ananging wonten ing panaliten menika dipunpendhet ingkang langkung dominan. Asiling panaliten menika saged dipuntingali wonten ing tabel ing ngandhap menika. Tabel 2. Fungsi panganggening maksim kemurahan wonten ing cerbung salebeting Kalawarti Djaka Lodang Edisi Januari-Agustus 2013 No Fungsi Panganggening Maksim Kemurahan Wosing Tuturan Indikator 1 2 3 4

1. Fungsi Personal

Panutur nglairaken raos kuciwa “Ora pengin dadi juragan maneh? Jare bisa keceh dhuwit,” Mbokne nantang rembug. “Ora, Mbok. Aku wis tau ngrasakke keceh dhuwit kasunyatan ora bisa gawe tentrem,” Kris sumaur karo nuntun Mbokne lungguh lincak. Dt.No:23 Fungsi personal: panutur nglairaken raosing manah ingkang awujud raos kuciwa. Wujud raos kuciwa: panutur boten kersa dados juragan malih amargi rumiyin sampun nate ngraosaken dados juragan ananging